Senin, 05 Juni 2017

RITUAL DUGDERAN WONTEN ING SEMARANG



MAKALAH NYERAT KARYA ILMIAH
"RITUAL DUGDERAN WONTEN ING SEMARANG"
Dosen Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd



 


Kasusun dening :
Anggi Chintiya Dewi (15205241083)
Kelas P / 2015




PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2016/2017



ATUR PRAWACANA

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsan Dalem Gusti Ingkang Akarya Bawana saisinipun, ingkang sampun paring rahmat saha berkah kamirahan dumateng umatipun, saengga makalah menika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh saha seserepan saengga makalah ingkang kasusun sae menika saged purna.
Makalah kanthi irah-irahan "RITUAL DUGDERAN WONTEN ING SEMARANG" menika kasusun kangge njangkepi tugas semester V mata kuliah Nyerat Karya ilmiah. Makalah menika ugi minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat saha kangge nambah pangertosan mligipun babagan kawruh Basa Jawi kaliyan kawontenan wonten ing madyaning pasrawungan.
Mugi-mugi makalah menika saged paring biyantu dhumateng sinten kemawon ingkang badhe nyinau, ngudi, marsudi saha memetri basa Jawi sageda lestari. Kejawi menika, panyerat ugi sanget ngajeng-ajeng panyaruwe panjenengan sadaya para kanca, sutresna saha wicaksana segeda paring sumbang sih saha pamanggih amrih sampurna ing wedalan salajengipun.
Wasana cekap semanten atur kula. Sepisan malih, mugi-mugi makalah menika saged murakabi saha migunani dhumateng sedaya ingkang maos tuwin dhumateng sedaya ingkang ngginakaken. Matur nuwun.


Pakem, 05 Juni 2017

Panyerat



WOSING ISI

ATUR PRAWACANA..................................................................................... 2
WOSING ISI.................................................................................................... 3
BAB I PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten............................................................................... 4
B. Udheraning Perkawis............................................................................ 5
C. Ancas..................................................................................................... 5
BAB II PIREMBAGAN
A. Pangertosan Dugderan.......................................................................... 6
B. Sejarah Dugderan.................................................................................. 6
C. Pangertosan Warak Ngendhog.............................................................. 7
D. Prosesipun Ritual Dugderan................................................................ 13
E. Maknanipun Ritual Dugderan............................................................. 14
BAB III PANUTUP
A. Dudutan.............................................................................................. 17
B. Pamrayogi............................................................................................ 17
KAPUSTAKAN............................................................................................. 18






BAB I
PURWAKA

A.    Dhasaring Panaliten
Sasi siyam inggih menika sasi ingkang kebak berkahipun. Amargi kaberkahan kalawau, Al-Qur’an nggambaraken kamulyan sasi suci Ramadhan kasebut sami kaliyan sewu wulan. Boten klentu bilih umat Islam asring ngantu-antu duginipun sasi Ramadhan kanthi raos bingah ingkang biyasanipun dipun wujudaken kaliyan  Ritual tradhisi, napa malih sasi siyam menika namung dugi setungal taun sepisan.
Salah satunggaling tradhisi nampi sasi suci Ramadhan menika kanthi Tradhisi Dugderan. Tradhisi menika wujud saking tradhisi umat Islam Semarang kangge nampi duginipun sasi suci Ramadhan  ingkang biyasanipun dipun adani kinten-kinten 1 utawi 2 minggu saderengipun dipun wiwiti. Amargi sampun dangu anggenipun tradhisi Dugderan menika dipun adani, tradhisi menika dados pesta rayat wonten ing Semarang. Sinaosa sampun dados pesta rayat ingkang arupi Beksan Japin, arak-arakan (karnaval) ugi wontenipun panabuhan bedug dening Wali Kota Semarang, ananging proses ritual (wara-wara wiwitan siyam) tetep dados puncakipun Dugderan.
Pancen saderengipun adicara nabuuh bedug biyasanipun wonten arak-arakan (karnaval) ingkang dipun wiwiti saking balai Kota saha pungkasanipun wonten ing Mesjid Kauman, celakipun Pasar Johar. Ananging wonten ing kalih taun menika, rute arak-arakan (karnaval) dipun damel langkung tebih malih, inggih menika saking Balai Kota tumuju Mesjid Kauman lajeng dhateng Mesjid Agung Jawa tengah ingkang papanipun wonten ing Gayamsari.

B.     Udheraning Perkawis
1.      Menapa ingkang dipun maksud kaliyan Dugderan ?
2.      Kados pundi sejarahipun Dugderan ?
3.      Menapa ingkang dipun maksud kaliyan Warak Ngendhog ?
4.      Kados pundi prosesipun Ritual Dugderan ?
5.      Menapa makna saking Ritual Dugderan ?

C.    Ancas
1.      Mangertos pangertosan Dugderan.
2.      Mangertos sejarahipun Dugderan.
3.      Mangertos pangertosan Warak Ngendhog.
4.      Mangertos prosesipun Ritual Dugderan.
5.      Mangertos makna saking Ritual Dugderan.



BAB II
PIREMBAGAN

A.    Pangertosan Dugderan
Dugderan inggih menika sawijining budaya ingkang wonten ing tlatah Semarang, Jawa Tengah. Dugderan minangka tradhisi turun-temurun menika gadhah makna saha ancas ingkang boten tebih saking agama Islam, inggih menika kangge pratandha wiwitanipun sasi suci Ramadhan. Biyasanipun tradhisi Dugderan dipun wontenaken setunggal minggu saderengipun sasi suci Ramadhan, saha puncak adicaranipun setunggal dinten saderengipun pasa. Jaman rumiyin, ingkang ngawontenaken Dugderan menika Bupati Aryo Purbaningrat. Piyambakipun damel tradhisi Dugderan kangge paring pangertosan menawi sasi pasa badhe dugi. Kawiwitan taun 1881, Dugderan  wiwit wonten ing Semarang. Adicara Dugderan dipun tindakaken kanthi wontenipun arak-arakan (karnaval) bedug ingkang dipun kawal dening para wadya bala Kadipaten Semarang. Pusat adicara menika wonten ing Mesjid Ageng Kauman ingkang papanipun wonten ing Johar Semarang.
Ing jaman sakmenika, Dugderan boten namung dipun wontenaken utawi dipun pusataken wonten ing Mesjid Ageng Kauman, ananging wonten ing Mesjid Agung Jawa Tengah ugi wonten. Pemerintah damel kawicaksanan menika amargi ing Dugderan kathah tiyang ingkang sadean. Ingkang dipun sade wonten ing Dugderan ugi kathah, wonten cenderamata, dolanan tradhisional, panganan, ugi wonten rasukan.

B.     Sejarahipun Dugderan
Umat Islam Semarang saged dipun wastani sampun boten asing malih kaliyan Dugderan. sinaosa jaman sampun ewah, tetep kemawon tradhisi menika taksih wonten.  Menawi dipun bandingaken kaliyan peken semawis utawi PRPP ingkang dipun wontenaken mapinten-pinten taun kapengker, perkawis Dugderan taksih rumaket kiyat wonten penggalih masarakat, boten dipun paido bilih yuswa Dugderan sampun ngancik setunggal abad langkung.
Sejarah nyatet, menawi Dugderan kaping setunggal dipun adani taun 1881 dening Bupati Semarang Raden Mas Tumenggung Aryo Purboningrat. Bupati setunggal menika dipun tepang kreatif ugi gadhah jiwa seni ingkang inggil, dados piyambakipun gadhah pamanggih setunggal adicara kangge paring setunggal pratandha wiwitanipun wanci siyam lantaran umat Islam. Sang bupati milih mukawis pesta ingkang awujud tradhisi gina madyani kawiwitanipun sasi siyam ingkang beda-beda.
Pramila, sakmenika wekdal sasi suci Ramadhan dipunwontenaken ritual ngungelaken swanten bedug (dug...dug...dug…), dados puncak "wiwitanipun sasi siyam" kanthi cacah 17 ugi dipun tumuti kaliyan swanten meriam (der…der...der...) kanthi cacah 7. Saking gabungan antawisipun ungel dug ugi der menika ingkang salajengipun dadosaken tradhisi utawi kesenian ingkang dipun adani dening Bupati Raden Mas Tumenggung Aryo Purboningrat punika dipun paringi asma "Dugderan".
Kejawi ungel bedug ugi meriam, wonten ing lebetipun pesta rakyat Dugderan menika ugi wonten maskot Dugderan ingkang dipun tepang kaliyan “Warak Ngendog”. Warak Ngendog menika setunggal amengan jinis keewan rekaan ingkang gadhah salira menda ugi gadha mustaka naga kaliyan cucal kados gadhah sisik dipun ngasta saking dlacang warna-warni ingkang ngasta saking ketos ugi dipun pepaki saperangan tigan godhog ingkang dados lambang menawi kewan menika nembe ngendhog (lebet bahasa Indonesia; nigan). Maklum, wekdal dipun wontenaken Dugderan kaping setunggal menika, Semarang nembe krisis pangan, pramila tigan ugi ngrupikaken dhaharan ingkang mewah.

C.    Pangertosan Warak Ngendhog
Warak Ngendhog ingkang dados simbol Kota Semarang menika minangka kasil saking karya seni rupa saha gadhah kaendahan ingkang intrinsik saha ekstrinsik. Warak Ngendhog saged gadhah kaendahan ingkang formalistik, kontekstual, simbolik, saha ekspresioistik. Ingkang formalistik inggih menika kahanan campuran antawisipun garis, wujud, werna, tekstur ingkang dipun temokaken saking paraga kangge dipun olah dados piranti saha teknik ciptanipun ing pungkasan, dadosipun kasil setunggal wujud Warak Ngendhog ingkang endah. Kanthi ngginakaken kertas werna-werni, ukuran badan saha peranganipun badan, sirah ingkang penggarapanipun mujudaken kesan padu, bandingan, saha titik ingkang paling sae.
Lajeng saking aspek wekdalipun kirab Warak Ngendhog gadhah kaendahan ingkang sipatipun kontekstual, amargi menika pratandha wiwitan sasi siyam Ramadhan ingkang unik saha khas ing Semarang. Saking aspek kaendahan simbolipun, mustaka saha jangga ingkang wernanipun abrit minangka kewan ingkang mangas saha nggragas ingkang dados simbol nepsu manungsa.
Ananging saking aspek ekspresinipun, dipun gambaraken mustaka, jangga, suku, saha badan Warak Ngendhog ingkang gadhah susunan siku-siku, kanthi wujud ingkang lurus, teges saha kaku. Nyakupi konfigurasi unsur-unsur rupa ingkang wujud mimik pasuryanipun ugi mratelakaken sipatipun kewan ingkang nggragas, medeni, saha mangas.
Perangan menika beda kaliyan ingkang dipun tingali wonten ing sejarah wiwitan wontenipun Warak Ngendhog. Pramila, aslinipun Warak Ngendhog menika boten dipun dadosaken simbol akulturasi budaya Cina, Jawa, saha Arab. Menika namung kewan damelanipun kasil rekayasa ulama ing wekdal sakmenika, ingkang dipun tunjukaken dados perangan nanemaken winih kaislaman dhumateng masarakat ingkang greget saha remen awit duginipun sasi siyam Ramadhan. Greget ingkang sakmenika dipun gambaraken dening Clifford Geertz, nglairaken kabudayanan dados pedoman saha strategi kangge nyekapaken sak kabetahanipun gesang kaliyan kangge ngginakaken sumber daya ingkang wonten ing kiwa tengenipun kula saha panjenengan sedaya.
Tradhisi budaya nalika sampun dados gadhahipun kathahipun mesthi badhe nglampahi pangrembakanan saha malah ugi wonten bedanipun kadosta wujud saha maknanipun. Kanthi dipun dukung kondhisi Kota Semarang ingkang dados kawasan pesisiran, mila relatif mbikak pengaruh dinamika pagesanganipun masarakat saha kabudayanipun ingkang gadhah sifat multietnis saha multikultur. Sak lajengipun, Warak Ngendhog dipun persepsikaken, dipun tafsiraken dening masarakatipun dados simbol akulturasi budaya, amargi wontenipun pangajeng-ajeng sedaya masarakat Semarang ingkang gesang wonten ing etnis Jawa, Arab, saha Cina supados gadhah identitas saha integritas ing budaya.
Sakmenika Warak Ngendhog menika dados kasilipun ekspresi saking sawijining tiyang. Namung sejarah medalipun menika dados wujud perayaanipun miwiti sasi suci Ramadhan. Saengga maknanipun ingkang dipun karepaken dipun sanjangaken boten uwal saking gregetipun agama Islam ingkang ngajak masarakat Semarang ingkang gadhah kapitadosan mring agama Islam sami nyambut sasi suci Ramadhan.
Tembung Warak menika saking basa Arab wara’ ingkang maknanipun nebihi ingkang dipun larang dening Gusti Allah SWT. Saking wujud mustakanipun, Warak (ingkang asli) menika mustakanipun madhep nginggil, lathinipun mangap kanthi wiyar saengga semerep wonten waja-waja ingkang awujud taring nyimbolaken sipat manungsa ingkang remen dhahar saha sipat nggragas, ganas, sarta murka ing manungsa. Wujud jangganipun dumugi mustaka ingkang dipun tutupi kaliyan wulu weranipun abang nyimbolaken watak ala, kirang, angkara murka sipat manungsa. Sipat-sipat kirang manungsa kedah dipun icalaken. Wonten ugi simbolisasi wulu kriting kadosta wulu pitik walik ingkang gadhah makna nilih manungsa kedah malik sipat utawi nepsu ala manungsa dados becik. Wonten ing sasi suci Ramadhan, manungsa dipu karepaken saged fitrah malih ingkang dipun lambangaken kaliyan tigan (endhog). Endhog inggih menika simbol kasucen kayat bayi ing janin ingkang wonten ing lebetipun kandhungan ingkang taksih suci saking dosa.
Miturut andharan ing nginggil, sakmenika Warak Ngendhog dados simbol akulturasi budaya kangge mbangun integrasi budaya ing masarakat multikultur. Wonten ing ritual Dugderan, wonten tiga pihak ingkang aktif ndherek gadhah peran ingkang ageng, inggih menikaUlama, Pamarintah, saha masarakat.
Ing konteks menika, peran ulama dados pihak ingkang nyukani rujukan utawi legalitas dening pamarintah saha masarakat ingkang nemtokaken wiwitanipun sasi siyam ing sasi suci Ramadhan. Pamarintah dados panguwasa saha gadhah kawenangan ngatur menapa saha kados pundi mlampahipun prosesi ritual kasebut. Mliginipun ing perangan nemtokaken wiwitanipun sasi siyam ingkang kanthi adhedhasar kaputusan sidhang para ulama saha ndadosaken Warak Ngendhog dados maskot ing ritual Dugderan. Masarakat sanes dados peran pelaku ritual Dugderan saha ingkang damel maskot Warak Ngendhog, ugi gadhah peran dados subjek sasaran damel ingkang nikmati sajian ritual Dugderan saha subjek sasaran damel narima wara-wara saking pamarintah. Warak Ngendhog ingkang dipun ripta saha dipun rembakaken dening masarakat lajeng dipun angkat dening pamarintah dados maskot ing prosesi tradhisi ritual Dugderan.
Kanthi  pangrembakanipun wekdal, wontenipun Warak Ngendhog kaliyan peranipun dados maskot ritual Dugderan dening masarakat, Warak Ngendhog dipun maknai dados simbol akulturasi budaya saking dhasaripun pamanggih amargi sedayanipun minangka simbol budaya tiga etnis warga masarakat mayoritas Kota Semarang, mliginipun ing bagiyanipun Semarang ler, inggih menika etnis Jawa ingkang dipun simbolaken awujud badan menda, etnis Arab ingkang dipun simbolaken awujud jangga unta saha etnis Cina ingkang dipun simbolaken awujud mustaka naga.
Sejarawan saking Semarang inggih menika Amen Budiman saha Djawahir Muhammad ngendika bilih piyambakipun boten saged nyebataken sinten ingkang damel Warak Ngendhog amargi boten wonten ing catetan sejarah. Wonten ing sejarah Dugderan, Warak  Ngendhog dipun genahaken bilih menika kreasi saking Kyai Saleh Darat saha Bupati KRMT Purbaningrat. Saged damel kreasi setunggal tiyang utawi kolaborasi. Miturut Supramono, panemu Warak Ngendhog menika wonten gayutipun kaliyan tradhisi Dugderan kangge nyambut sasi suci Ramadhan. Kejawi menika ugi damel meriahaken adicara ritual musyawarah saha wara-wara mbikak wiwitanipun sasi siam. Kanthi pratandha bedug ingkang saged dipun tabuh saha dipun sulutipun meriam minangka pratandha ndadosaken nyawijining antawisipun ulama saha pamerintahan.
Ing taun 1881’an, Warak Ngendhog kadamel saking bahan-bahan ingkang prasoja kadosta kayu, sepet krambil, saha pring. Ananging ing jaman sakmenika, bahan-bahan ingkang dipun ginakaken inggih menika kayu, kertas minyak dipun tambah ornament saking kertas karton, gabus saha sakpiturutipun. Ing pangrembakanipun jaman, dipun temtokaken tiga kelompok Warak Ngendhog adhedhasar wujud, inggih menika :
1)      Warak Ngendog Klasik
Warak Ngendhog ingkang taksih nampilaken unsur saha struktur asli sarta dipun ripta turun-temurun kanthi wujud ingkang sami. Mustakanipun kadamel saking mulut ingkang wajanipun tajem, socanipun metoto, talinganipun arupi sungu , jenggotipun dawa saha kandel. Badanipun, leheripun saha sekawan sukunipun dipun tutup wulu ingkang kewalik saha kanthi warna selang-seling abang, kuning, putih, ijo, saha biru. Buntutipun dawa, kaku mlengkung saha wulunipun setunggal rupa kaliyan badanipun. Wujud tiganipun wonten ing antawisipun kalih suku ing wingkingipun.
2)      Warak Ngendok Modifikasi
Kanthi umum sami kaliyan Warak Ngendok Klasik. Pambedanipun namung wonten ing bageyan mustakanipun ingkang mirip kaliyan mustaka naga. Wonten ingkang sami antawisipun wujud naga Cina kaliyan naga Jawa. Moncong ingkang mirip kaliyan baya kanthi waja ingkang landhep, saha lidhah ingkang gadhah cabang medal, soca ingkang metoto, gadhah kumis saha jenggot, gadhah sungu alit ingkang gadhah cabang kados menjangan, kulitipun gadhah sisik, saha gadhah surai wonten ing wingkingipun mustaka. Naga Jawa biyasanipun ngginakaken mahkota wonten ing mustakanipun.
3)      Warak Ngendog Kontemporer
Strukturipun sami kaliyan Warak Ngendhog Klasik, ananging detail-detailipun mustaka saha wulunipun boten sami. Misalipun mustakanipun kadosta macan, wulunipun boten kewalik, boten gadhah wulu ananging gadhah sisik saha sakpituturipun.
Wonten maneka warna pamanggih kangge kewan Warak menika. Wonten ingkang gadhah pamanggih bilih kewan Warak inggih menika minangka wujud saking kewan ingkang sekti ing kabudayan Islam. Wonten ugi ingkang nyebataken bilih Kutha Semarang menika kutha pelabuha. Kanthi adhedhdasar menika, boten mustahil bilih kawiwitanipun kabudayan ingkang kathah menika saking bangsa pendatang, ing mriku Warak menika mujudaken kewan ing mitos kabudayaan Cina.
Pambeda ing pamanggih babagan kewan ingkang kasebut Warak menika dipun iyani dening Supramono ing panalitenipun. Supramono ngendika bilih wonten pamanggih menawi Warak menika asalipun saking gabungan kathahing simbol budaya. Kewan menika gadhah mustaka Kilin, dados kewan paling gadhah kuwasa saha gadhah pengaruh ing Cina saha badan Buroq dados kewanipun Nabi Muhammad rikala Isra’ Mi’raj. Wonten malih ingkang gadhah pamanggih menawi Warak ingkang gadhah mustaka naga menika minangka simbol kewan gadhahipun tiyang Cina. Kaliyan badan kaming minangka kewan gadhahipun tiyang pribumi Jawa saha asring dipun ginakaken damel korban ing Idul Adha.
Wonten malih ingkang gadhah pamanggih menawi Warak menika bebingah saking warga Cina supados dipun ginakaken damel meriahaken tradhisi Dugderan kanthi wujud pratandha katulusanipun para warga supados dados nyawiji saha ayem tentrem guna nebus kaluputanipun ing wekdal mbakar Mesjid Ageng nalika pemberontakan warga Pecinan ing jaman rumiyin. Ananging pamanggih kasebut boten kiyat ing dhasaripun, amargi macu ing pembentukan mustaka Kilin utawi naga ing Warak Ngendhog. Ing unsuripun kathah ngginakaken unsur Islam saha Jawa.

D.    Prosesipun Ritual Dugderan
Proses ritual dipun wiwiti kaliyan  peserta arak-arakan (karnaval) Dugderan saha pentas Warak Ngendhog sarta Beksan Semarangan wonten ing Balai Kota Semarang. Rombongan ingkang kapimpin dening Wali Kota Semarang nglampahaken lakon Bupati Semarang ingkang dipun wiwiti bidhal saking Balai Kota Semarang dumugi Mesjid ageng Kauman wetawis tabuh 14:00 WIB, kanthi rutenipun nglampahi Margi Pemuda, rombongan Bupati Semarang dipun kawal dhumateng para wadya bala patang puluh saha arak-arakan (karnaval) Warak Ngendhog.  Sawetawis wonten ing Serambi Mesjid Ageng Kauman sampun dipun kempalaken puluhan ulama saha habib kondhang ing tlatah Semarang. Para ulama saha habib badhe ngrembag pawiwitanipun sasi pasa kanthi maneka dasar ilmu. Musyawarah dipun pimpin kaliyan ulama ingkang sepuh ing Mesjid Ageng Kauman. Sabibaripun dipun pendhet kaputusan menawi sasi pasa dipun wiwiti ing dinten benjing, sawetawis dipun damel layang kaputusan ulama ing saklembar dluwang.
Boten dangu sak lampahipun, rombongan Bupati saha Gubernur Jawa Tengah ingkang sampun meranaken lampahipun Kasultanan Mataram , para ulama nampi rawuhipun para “umara” kanthi suka cita ing plataran mesjid. Saklajengipun dipun terusaken kanthi ramah tamah lan ngandharaken kaputusan  ulama babagan pawiwitan sasi pasa ing serambi masjid. Saklajegipun, bupati nglampahi kaputusan ulama kanthi jumeneng saha maosaken teks layang kaputusan ulama babagan pawiwitanipun ibadah siyam ing sasi Ramadhan. Lajeng, sabibaripun bupati sampun rampung maosaken layang kaputusan kasebut, bupati nabuh bedug Mesjid Ageng Kauman ingkang dipun sekseni kaliyan para tamu undangan. Swanten meriam ingkang grisinaken ing kawasan kanjengan sairing tabuhan swanten bedug swasana damel meriah kanthi wontenipun arak-arakan (karnaval) Warak Ngendhog saha rombongan sanesipun.
Dipun wiwiti bupati maosaken layang kaputusan swasana dados khidmad saha tansah dipun wigatosaken. Sabibaripun maosaken naskah, bupati nabuh bedug saha meriam ugi dipun sulut ingkang dadosaken masaarakat ghadah raos bingah. Ing saklebetibun grisenipun swanten meriam saha bedug, dipun medalaken karya fenomenal saha narik kawigatosan ingkang awujud kewan khayalan ingkang dipun sebut Warak Ngendhog. Wontenipun Warak Ngendhog ing saklebetipun kabudayaan kasebut dados simbol saking Ritual Dugderan, kejawi menika Warak Ngedhog ugi saged narik kawigatosan masarakat sekiwa tengenipun.
Awit saking pangrembakanipun jaman, tradhisi menika boten malih migunakaken meriam ananging dipun gantos kaliyan bom udara “bum-bung” saha sakmenika migunaaken sirene damel pratandha sampun kawiwitan tradhisi Dugderan. Sakmenika, tradhisi kasebut sampun langkung semarak, amargi sakmenika sampun kathah tiyang ingkang sadean , inggih kadosta dolanan saha jajanan. Perkawis menika ndadosaken tradhisi Dugderan menika gadhah werni ingkang enggal.

E.     Maknanipun Ritual Dugderan
1)      Babagan Politik
Ing adicara Dugderan menika, para partai politik saged paring panyuluhan dhumateng masarakat supados milih partai politik kasebut.
2)      Babagan Sosial
·         Dugderan saged dipun dadosaken ciri khasipun kutha Semarang.
·         Dugderan damel nggabungaken antawisipun budaya kaum setunggal kaliyan sanesipun.
·         Dugderan saged damel nyawijining saperangan klompok masarakat tartamtu.


3)      Babagan Spiritual
Dugderan saged narik kawigatosan masarakat non-Islam kangge mlebet Islam.
4)      Babagan Ekonomi
Dugderan saged damel sarana masarakat kangge pados nafkah, kadosta sadean rasukan, panganan, saha sapanunggalanipun.
5)      Babagan Agama
Dugderan saged ningkataken raos bombong saha tresna kaliyan agama Islam.
6)      Babagan Pendidikan
Liwat Dugderan para siswa siswi Indonesia saged nyinaoni makna wigatinipun pagesangan ingkang rukun wonten ing masarakat.
Sinaosa Dugderan sampun dados sawerni pesta rakyat ugi sampun dados tradhisi ingkang cekap kiyat kaliyan wontenipun sayembara, karnaval, saha beksan, tetep kemawon Dugderan boten lukar saking puncak ritualipun ingkang arupi nabuh bedug ugi halaqah ingkang dados pungkasan saking tradisi ingkang sampun nguwawi seabad langkung menika. Awit saking menika, puncak ritual sanes namung dados tradhisi (kesenian rakyat), salah sawijining pesen ingkang cekap kiyat dipun tindakaken tradhisi (utawi budaya) Dugderan menika minangka wara-wara dipun wiwiti sasi suci Ramadhan.
Wara-wara menika dipun lambangaken kaliyan dipun tabuhipun bedug ingkang dados setunggal “tetenger”. Ugi, panggebagan bedug menika dados konsensus ingkang nyaosaken katetepan dhawahipun lukar 1 sasi Ramadhan wonten esok dinten, menapa malih umat Islam boten namung wonten Semarang asring ngagunani bedanipun dhawahipun nindakaken ibadah siyam wonten ing sasi suci Ramadhan. Kejawi menika, tradhisi Dugderan ugi kagungan "unsur pamucalan" ngasta putra kersanipun nindakaken ibadah siyam. Wujud pamucalan menika dipun lambangaken kaliyan wontenipun Warak Ngendhog ingkang saged dipun artosaken mukawis lambang ingkang sarat kaliyan jarwi. Amargi artos kasedayan Warak Ngendhog menika minangka satunggaling tiyang kedaha suci, resik ugi mantepaken taqwanipun dhumateng Allah SWT lebet margeni siyam. Amargi menika saged dados panggegulangan kangge putra lebet nepang ibadah siyam.



BAB III
PANUTUP

  1. Dudutan
Dugderan minangka salah setunggaling adicara adat daerah kutha Semarang kangge mengeti wiwitanipun siyam ing sasi Ramadhan. Ritual Dugderan menika sampun dipun wiwiti kawit jaman kolonial Walanda saha dipun satakaken ing daerah Simpang Lima Semarang.
Ritual Dugderan biyasanipun dipun bikak dening wali kutha saha dipun rameaken kanthi unen-unenan bedug saha meriam.
Tembung Dugderan piyambak dipun pendhet saking swantenipun bedug ingkang dipun tabuh saha swantenipun meriam ingkang dipun sulut lajeng njeblug.
Ritual Dugderan ugi dipun rameaken kaliyan beksan-beksan Semarangan saha dipun wontenaken pasar malem. Minangka salah setunggaling dolanan ingkang mesthi wonten ing festival Dugderan inggih menika Warak Ngendhog.
Dugderan dipun ginakaken minangka sarana hiburan ugi saranan dakwah agama Islam.

  1. Pamrayogi
Masarakat menika kedah njagi kabudayan ingkang sampun wonten ing pagesangan kula saha panjenengan. Amargi sedaya kabudayan kalawau kedah dipun lestantunaken supados boten ical awit ngrembakanipun jaman.



KAPUSTAKAN

https://id.wikipedia.org/wiki/Dugderan