MAKALAH
NYERAT KARYA ILMIAH
"RITUAL DUGDERAN WONTEN ING
SEMARANG"
Dosen
Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd
Kasusun
dening :
Anggi
Chintiya Dewi (15205241083)
Kelas
P / 2015
PENDIDIKAN
BAHASA DAERAH
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS
NEGERI YOGYAKARTA
2016/2017
ATUR PRAWACANA
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten
ngarsan
Dalem Gusti Ingkang Akarya Bawana saisinipun, ingkang sampun paring rahmat saha
berkah kamirahan dumateng umatipun, saengga
makalah menika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur
sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu
saha para dwija ingkang sampun paring kawruh saha seserepan saengga makalah
ingkang kasusun sae menika saged purna.
Makalah kanthi irah-irahan "RITUAL DUGDERAN
WONTEN ING SEMARANG" menika kasusun kangge njangkepi tugas semester V mata
kuliah Nyerat Karya ilmiah. Makalah menika ugi minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat saha
kangge nambah pangertosan mligipun babagan kawruh Basa Jawi kaliyan
kawontenan wonten ing madyaning pasrawungan.
Mugi-mugi makalah menika saged
paring biyantu dhumateng sinten kemawon ingkang badhe nyinau, ngudi, marsudi
saha memetri basa Jawi sageda lestari. Kejawi
menika, panyerat ugi sanget ngajeng-ajeng panyaruwe panjenengan sadaya para
kanca, sutresna saha wicaksana segeda paring sumbang sih saha pamanggih amrih
sampurna ing wedalan salajengipun.
Wasana cekap semanten atur kula.
Sepisan malih, mugi-mugi makalah menika saged murakabi saha migunani dhumateng
sedaya ingkang maos tuwin dhumateng sedaya ingkang ngginakaken. Matur nuwun.
Pakem,
05 Juni 2017
Panyerat
WOSING ISI
ATUR
PRAWACANA..................................................................................... 2
WOSING
ISI.................................................................................................... 3
BAB
I PURWAKA
A.
Dhasaring Panaliten............................................................................... 4
B.
Udheraning Perkawis............................................................................ 5
C.
Ancas..................................................................................................... 5
BAB
II PIREMBAGAN
A.
Pangertosan Dugderan.......................................................................... 6
B.
Sejarah Dugderan.................................................................................. 6
C.
Pangertosan Warak Ngendhog.............................................................. 7
D.
Prosesipun Ritual Dugderan................................................................ 13
E.
Maknanipun Ritual Dugderan............................................................. 14
BAB
III PANUTUP
A.
Dudutan.............................................................................................. 17
B.
Pamrayogi............................................................................................ 17
KAPUSTAKAN............................................................................................. 18
BAB I
PURWAKA
A.
Dhasaring Panaliten
Sasi siyam
inggih menika sasi ingkang kebak berkahipun. Amargi kaberkahan kalawau,
Al-Qur’an nggambaraken kamulyan sasi suci Ramadhan kasebut sami kaliyan sewu
wulan. Boten klentu bilih umat Islam asring ngantu-antu duginipun sasi Ramadhan
kanthi raos bingah ingkang biyasanipun dipun wujudaken kaliyan Ritual tradhisi, napa malih sasi siyam menika
namung dugi setungal taun sepisan.
Salah
satunggaling tradhisi nampi sasi suci Ramadhan menika kanthi Tradhisi Dugderan.
Tradhisi menika wujud saking tradhisi umat Islam Semarang kangge nampi duginipun
sasi suci Ramadhan ingkang biyasanipun
dipun adani kinten-kinten 1 utawi 2 minggu saderengipun dipun wiwiti. Amargi
sampun dangu anggenipun tradhisi Dugderan menika dipun adani, tradhisi menika
dados pesta rayat wonten ing
Semarang. Sinaosa sampun dados pesta
rayat ingkang arupi Beksan Japin, arak-arakan (karnaval) ugi wontenipun panabuhan bedug dening Wali Kota
Semarang, ananging proses ritual (wara-wara wiwitan siyam) tetep dados
puncakipun Dugderan.
Pancen
saderengipun adicara nabuuh bedug biyasanipun wonten arak-arakan (karnaval) ingkang dipun wiwiti saking
balai Kota saha pungkasanipun wonten ing Mesjid Kauman, celakipun Pasar Johar.
Ananging wonten ing kalih taun menika, rute arak-arakan (karnaval) dipun damel langkung tebih malih, inggih menika saking
Balai Kota tumuju Mesjid Kauman lajeng dhateng Mesjid Agung Jawa tengah ingkang
papanipun wonten ing Gayamsari.
B.
Udheraning Perkawis
1. Menapa ingkang dipun maksud kaliyan Dugderan ?
2. Kados pundi sejarahipun Dugderan ?
3. Menapa ingkang dipun maksud kaliyan Warak Ngendhog ?
4. Kados pundi prosesipun Ritual Dugderan ?
5. Menapa makna saking Ritual Dugderan ?
C.
Ancas
1. Mangertos pangertosan Dugderan.
2. Mangertos sejarahipun Dugderan.
3. Mangertos pangertosan Warak Ngendhog.
4. Mangertos prosesipun Ritual Dugderan.
5. Mangertos makna saking Ritual Dugderan.
BAB II
PIREMBAGAN
A. Pangertosan
Dugderan
Dugderan inggih menika sawijining budaya ingkang wonten ing
tlatah Semarang, Jawa Tengah. Dugderan minangka tradhisi turun-temurun menika
gadhah makna saha ancas ingkang boten tebih saking agama Islam, inggih menika
kangge pratandha wiwitanipun sasi suci Ramadhan. Biyasanipun tradhisi Dugderan
dipun wontenaken setunggal minggu saderengipun sasi suci Ramadhan, saha puncak
adicaranipun setunggal dinten saderengipun pasa. Jaman
rumiyin, ingkang ngawontenaken Dugderan menika Bupati Aryo Purbaningrat.
Piyambakipun damel tradhisi Dugderan kangge paring pangertosan menawi sasi pasa
badhe dugi. Kawiwitan taun 1881, Dugderan
wiwit wonten ing Semarang. Adicara Dugderan dipun tindakaken kanthi wontenipun
arak-arakan (karnaval) bedug ingkang
dipun kawal dening para wadya bala Kadipaten Semarang. Pusat adicara menika
wonten ing Mesjid Ageng Kauman ingkang papanipun wonten ing Johar Semarang.
Ing jaman sakmenika, Dugderan boten namung dipun wontenaken
utawi dipun pusataken wonten ing Mesjid Ageng Kauman, ananging wonten ing
Mesjid Agung Jawa Tengah ugi wonten. Pemerintah damel kawicaksanan menika
amargi ing Dugderan kathah tiyang ingkang sadean. Ingkang dipun sade wonten ing
Dugderan ugi kathah, wonten cenderamata, dolanan tradhisional, panganan, ugi
wonten rasukan.
B. Sejarahipun
Dugderan
Umat Islam Semarang saged dipun wastani sampun boten asing
malih kaliyan Dugderan. sinaosa jaman sampun ewah, tetep kemawon tradhisi
menika taksih wonten. Menawi dipun
bandingaken kaliyan peken semawis utawi PRPP ingkang dipun wontenaken
mapinten-pinten taun kapengker, perkawis Dugderan taksih rumaket kiyat wonten
penggalih masarakat, boten dipun paido bilih yuswa Dugderan sampun ngancik
setunggal abad langkung.
Sejarah nyatet, menawi Dugderan kaping setunggal dipun adani
taun 1881 dening Bupati Semarang Raden Mas Tumenggung Aryo Purboningrat. Bupati
setunggal menika dipun tepang kreatif
ugi gadhah jiwa seni ingkang inggil, dados piyambakipun gadhah pamanggih
setunggal adicara kangge paring setunggal pratandha wiwitanipun wanci siyam
lantaran umat Islam. Sang bupati milih mukawis pesta ingkang awujud tradhisi
gina madyani kawiwitanipun sasi siyam ingkang beda-beda.
Pramila, sakmenika wekdal sasi suci Ramadhan dipunwontenaken
ritual ngungelaken swanten bedug (dug...dug...dug…), dados puncak
"wiwitanipun sasi siyam" kanthi cacah 17 ugi dipun tumuti kaliyan
swanten meriam (der…der...der...) kanthi cacah 7. Saking gabungan antawisipun
ungel dug ugi der menika ingkang salajengipun dadosaken tradhisi utawi kesenian
ingkang dipun adani dening Bupati Raden Mas Tumenggung Aryo Purboningrat punika
dipun paringi asma "Dugderan".
Kejawi ungel bedug ugi meriam, wonten ing lebetipun pesta
rakyat Dugderan menika ugi wonten maskot
Dugderan ingkang dipun tepang kaliyan “Warak Ngendog”. Warak Ngendog menika
setunggal amengan jinis keewan rekaan ingkang gadhah salira menda ugi gadha
mustaka naga kaliyan cucal kados gadhah sisik dipun ngasta saking dlacang
warna-warni ingkang ngasta saking ketos ugi dipun pepaki saperangan tigan
godhog ingkang dados lambang menawi kewan menika nembe ngendhog (lebet bahasa
Indonesia; nigan). Maklum,
wekdal dipun wontenaken Dugderan kaping setunggal menika, Semarang nembe krisis
pangan, pramila tigan ugi ngrupikaken dhaharan ingkang mewah.
C. Pangertosan Warak
Ngendhog
Warak Ngendhog ingkang dados simbol Kota Semarang menika
minangka kasil saking karya seni rupa saha gadhah kaendahan ingkang intrinsik saha ekstrinsik. Warak Ngendhog saged gadhah kaendahan ingkang formalistik, kontekstual, simbolik,
saha ekspresioistik. Ingkang formalistik inggih menika kahanan
campuran antawisipun garis, wujud, werna, tekstur
ingkang dipun temokaken saking paraga kangge dipun olah dados piranti saha
teknik ciptanipun ing pungkasan, dadosipun kasil setunggal wujud Warak Ngendhog
ingkang endah. Kanthi ngginakaken kertas werna-werni, ukuran badan saha
peranganipun badan, sirah ingkang penggarapanipun mujudaken kesan padu,
bandingan, saha titik ingkang paling sae.
Lajeng saking aspek wekdalipun kirab
Warak Ngendhog gadhah kaendahan ingkang sipatipun
kontekstual, amargi menika pratandha wiwitan sasi siyam Ramadhan ingkang unik saha khas ing
Semarang. Saking
aspek kaendahan simbolipun, mustaka saha jangga ingkang wernanipun abrit
minangka kewan ingkang mangas saha nggragas ingkang dados simbol nepsu
manungsa.
Ananging saking aspek ekspresinipun, dipun gambaraken
mustaka, jangga, suku, saha badan Warak Ngendhog ingkang gadhah susunan
siku-siku, kanthi wujud ingkang lurus, teges saha kaku. Nyakupi konfigurasi unsur-unsur rupa ingkang
wujud mimik pasuryanipun ugi mratelakaken sipatipun kewan ingkang nggragas,
medeni, saha mangas.
Perangan menika beda kaliyan
ingkang dipun
tingali wonten ing sejarah wiwitan wontenipun Warak Ngendhog. Pramila, aslinipun Warak Ngendhog menika boten dipun dadosaken simbol akulturasi budaya Cina, Jawa, saha Arab. Menika namung kewan damelanipun kasil rekayasa
ulama ing wekdal sakmenika, ingkang dipun tunjukaken
dados perangan nanemaken winih kaislaman dhumateng masarakat
ingkang greget saha remen awit duginipun sasi siyam Ramadhan. Greget ingkang
sakmenika dipun gambaraken
dening Clifford Geertz, nglairaken
kabudayanan dados pedoman saha strategi kangge nyekapaken sak kabetahanipun gesang kaliyan kangge ngginakaken sumber
daya ingkang wonten ing kiwa tengenipun kula saha panjenengan sedaya.
Tradhisi budaya nalika sampun dados gadhahipun kathahipun
mesthi badhe nglampahi pangrembakanan saha malah ugi wonten bedanipun kadosta
wujud saha maknanipun. Kanthi dipun dukung kondhisi Kota Semarang ingkang dados
kawasan pesisiran, mila relatif mbikak pengaruh dinamika pagesanganipun
masarakat saha kabudayanipun ingkang gadhah sifat multietnis saha multikultur.
Sak lajengipun, Warak Ngendhog dipun persepsikaken, dipun tafsiraken dening
masarakatipun dados simbol akulturasi budaya, amargi wontenipun pangajeng-ajeng
sedaya masarakat Semarang ingkang gesang wonten ing etnis Jawa, Arab, saha Cina
supados gadhah identitas saha integritas ing budaya.
Sakmenika Warak Ngendhog menika dados
kasilipun ekspresi saking sawijining tiyang. Namung sejarah medalipun menika dados wujud
perayaanipun miwiti sasi suci Ramadhan. Saengga maknanipun ingkang dipun karepaken dipun sanjangaken
boten uwal saking gregetipun agama
Islam ingkang ngajak masarakat Semarang ingkang gadhah kapitadosan mring agama Islam sami nyambut sasi suci Ramadhan.
Tembung Warak menika saking basa Arab wara’ ingkang maknanipun nebihi ingkang
dipun larang dening Gusti Allah SWT. Saking wujud mustakanipun, Warak (ingkang
asli) menika mustakanipun madhep nginggil, lathinipun mangap kanthi wiyar
saengga semerep wonten waja-waja ingkang awujud taring nyimbolaken sipat
manungsa ingkang remen dhahar saha sipat nggragas, ganas, sarta murka ing
manungsa. Wujud jangganipun dumugi mustaka ingkang dipun tutupi kaliyan wulu
weranipun abang nyimbolaken watak ala, kirang, angkara murka sipat manungsa.
Sipat-sipat kirang manungsa kedah dipun icalaken. Wonten ugi simbolisasi wulu
kriting kadosta wulu pitik walik ingkang gadhah makna nilih manungsa kedah
malik sipat utawi nepsu ala manungsa dados becik. Wonten ing sasi suci
Ramadhan, manungsa dipu karepaken saged fitrah malih ingkang dipun lambangaken
kaliyan tigan (endhog). Endhog inggih menika simbol kasucen kayat bayi ing
janin ingkang wonten ing lebetipun kandhungan ingkang taksih suci saking dosa.
Miturut andharan ing nginggil, sakmenika
Warak Ngendhog dados simbol
akulturasi budaya kangge mbangun integrasi budaya ing masarakat multikultur. Wonten ing ritual Dugderan, wonten
tiga pihak ingkang aktif ndherek
gadhah peran ingkang ageng, inggih menikaUlama, Pamarintah, saha masarakat.
Ing konteks
menika, peran ulama dados pihak ingkang nyukani rujukan utawi legalitas dening pamarintah saha
masarakat ingkang nemtokaken wiwitanipun sasi siyam ing sasi suci Ramadhan.
Pamarintah dados panguwasa saha gadhah kawenangan ngatur menapa saha kados
pundi mlampahipun prosesi ritual kasebut. Mliginipun ing perangan nemtokaken
wiwitanipun sasi siyam ingkang kanthi adhedhasar kaputusan sidhang para ulama
saha ndadosaken Warak Ngendhog dados maskot ing ritual Dugderan. Masarakat
sanes dados peran pelaku ritual Dugderan saha ingkang damel maskot Warak
Ngendhog, ugi gadhah peran dados subjek sasaran damel ingkang nikmati sajian
ritual Dugderan saha subjek sasaran
damel narima wara-wara saking pamarintah. Warak Ngendhog ingkang dipun ripta
saha dipun rembakaken dening masarakat lajeng dipun angkat dening pamarintah
dados maskot ing prosesi tradhisi ritual Dugderan.
Kanthi pangrembakanipun wekdal, wontenipun Warak
Ngendhog kaliyan
peranipun dados maskot ritual Dugderan dening masarakat, Warak Ngendhog dipun maknai dados
simbol akulturasi budaya saking dhasaripun pamanggih amargi sedayanipun minangka simbol budaya tiga etnis warga
masarakat mayoritas Kota Semarang, mliginipun ing bagiyanipun Semarang ler, inggih menika etnis Jawa
ingkang dipun simbolaken
awujud badan menda, etnis Arab
ingkang dipun simbolaken
awujud jangga unta saha
etnis Cina ingkang dipun
simbolaken awujud mustaka naga.
Sejarawan saking Semarang inggih menika Amen Budiman saha
Djawahir Muhammad ngendika bilih piyambakipun boten saged nyebataken sinten
ingkang damel Warak Ngendhog amargi boten wonten ing catetan sejarah. Wonten
ing sejarah Dugderan, Warak Ngendhog dipun
genahaken bilih menika kreasi saking Kyai Saleh Darat saha Bupati KRMT
Purbaningrat. Saged damel kreasi setunggal tiyang utawi kolaborasi. Miturut
Supramono, panemu Warak Ngendhog menika wonten gayutipun kaliyan tradhisi
Dugderan kangge nyambut sasi suci Ramadhan. Kejawi menika ugi damel meriahaken
adicara ritual musyawarah saha wara-wara mbikak wiwitanipun sasi siam. Kanthi
pratandha bedug ingkang saged dipun tabuh saha dipun sulutipun meriam minangka
pratandha ndadosaken nyawijining antawisipun ulama saha pamerintahan.
Ing taun 1881’an, Warak Ngendhog kadamel saking bahan-bahan
ingkang prasoja kadosta kayu, sepet krambil, saha pring. Ananging ing jaman
sakmenika, bahan-bahan ingkang dipun ginakaken inggih menika kayu, kertas
minyak dipun tambah ornament saking
kertas karton, gabus saha sakpiturutipun. Ing pangrembakanipun jaman, dipun
temtokaken tiga kelompok Warak Ngendhog adhedhasar wujud, inggih menika :
1) Warak Ngendog Klasik
Warak
Ngendhog ingkang taksih nampilaken unsur saha struktur asli sarta dipun ripta
turun-temurun kanthi wujud ingkang sami. Mustakanipun kadamel saking mulut
ingkang wajanipun tajem, socanipun metoto, talinganipun arupi sungu ,
jenggotipun dawa saha kandel. Badanipun, leheripun saha sekawan sukunipun dipun
tutup wulu ingkang kewalik saha kanthi warna selang-seling abang, kuning,
putih, ijo, saha biru. Buntutipun dawa, kaku mlengkung saha wulunipun setunggal
rupa kaliyan badanipun. Wujud tiganipun wonten ing antawisipun kalih suku ing
wingkingipun.
2) Warak Ngendok Modifikasi
Kanthi
umum sami kaliyan Warak Ngendok Klasik. Pambedanipun namung wonten ing bageyan
mustakanipun ingkang mirip kaliyan mustaka naga. Wonten ingkang sami
antawisipun wujud naga Cina kaliyan naga Jawa. Moncong ingkang mirip kaliyan
baya kanthi waja ingkang landhep, saha lidhah ingkang gadhah cabang medal, soca
ingkang metoto, gadhah kumis saha jenggot, gadhah sungu alit ingkang gadhah
cabang kados menjangan, kulitipun gadhah sisik, saha gadhah surai wonten ing
wingkingipun mustaka. Naga Jawa biyasanipun ngginakaken mahkota wonten ing
mustakanipun.
3) Warak Ngendog Kontemporer
Strukturipun sami kaliyan Warak
Ngendhog Klasik, ananging detail-detailipun
mustaka saha wulunipun boten sami. Misalipun mustakanipun kadosta macan,
wulunipun boten kewalik, boten gadhah wulu ananging gadhah sisik saha
sakpituturipun.
Wonten
maneka warna pamanggih kangge kewan Warak menika. Wonten ingkang gadhah
pamanggih bilih kewan Warak inggih menika minangka wujud saking kewan ingkang
sekti ing kabudayan Islam. Wonten ugi ingkang nyebataken bilih Kutha Semarang
menika kutha pelabuha. Kanthi adhedhdasar menika, boten mustahil bilih
kawiwitanipun kabudayan ingkang kathah menika saking bangsa pendatang, ing
mriku Warak menika mujudaken kewan ing mitos kabudayaan Cina.
Pambeda
ing pamanggih babagan kewan ingkang kasebut Warak menika dipun iyani dening
Supramono ing panalitenipun. Supramono ngendika bilih wonten pamanggih menawi
Warak menika asalipun saking gabungan kathahing simbol budaya. Kewan menika
gadhah mustaka Kilin, dados kewan paling gadhah kuwasa saha gadhah pengaruh ing
Cina saha badan Buroq dados kewanipun Nabi Muhammad rikala Isra’ Mi’raj. Wonten
malih ingkang gadhah pamanggih menawi Warak ingkang gadhah mustaka naga menika
minangka simbol kewan gadhahipun tiyang Cina. Kaliyan badan kaming minangka
kewan gadhahipun tiyang pribumi Jawa saha asring dipun ginakaken damel korban
ing Idul Adha.
Wonten
malih ingkang gadhah pamanggih menawi Warak menika bebingah saking warga Cina
supados dipun ginakaken damel meriahaken tradhisi Dugderan kanthi wujud
pratandha katulusanipun para warga supados dados nyawiji saha ayem tentrem guna
nebus kaluputanipun ing wekdal mbakar Mesjid Ageng nalika pemberontakan warga
Pecinan ing jaman rumiyin. Ananging pamanggih kasebut boten kiyat ing
dhasaripun, amargi macu ing pembentukan mustaka Kilin utawi naga ing Warak
Ngendhog. Ing unsuripun kathah ngginakaken unsur Islam saha Jawa.
D. Prosesipun Ritual
Dugderan
Proses ritual dipun wiwiti kaliyan peserta
arak-arakan (karnaval) Dugderan saha
pentas Warak Ngendhog sarta Beksan Semarangan wonten ing Balai Kota Semarang.
Rombongan ingkang kapimpin dening Wali Kota Semarang nglampahaken lakon Bupati
Semarang ingkang dipun wiwiti bidhal saking Balai Kota Semarang dumugi Mesjid
ageng Kauman wetawis tabuh 14:00 WIB, kanthi rutenipun nglampahi Margi Pemuda,
rombongan Bupati Semarang dipun kawal dhumateng para wadya bala patang puluh
saha arak-arakan (karnaval) Warak
Ngendhog. Sawetawis wonten ing Serambi
Mesjid Ageng Kauman sampun dipun kempalaken puluhan ulama saha habib kondhang
ing tlatah Semarang. Para ulama saha habib badhe ngrembag pawiwitanipun sasi
pasa kanthi maneka dasar ilmu. Musyawarah dipun pimpin kaliyan ulama ingkang
sepuh ing Mesjid Ageng Kauman. Sabibaripun dipun pendhet kaputusan menawi sasi
pasa dipun wiwiti ing dinten benjing, sawetawis dipun damel layang kaputusan
ulama ing saklembar dluwang.
Boten dangu sak lampahipun, rombongan Bupati saha Gubernur
Jawa Tengah ingkang sampun meranaken lampahipun Kasultanan Mataram , para ulama
nampi rawuhipun para “umara” kanthi suka cita ing plataran mesjid. Saklajengipun
dipun terusaken kanthi ramah tamah lan
ngandharaken kaputusan ulama babagan
pawiwitan sasi pasa ing serambi masjid. Saklajegipun, bupati nglampahi
kaputusan ulama kanthi jumeneng saha maosaken teks layang kaputusan ulama
babagan pawiwitanipun ibadah siyam ing sasi Ramadhan. Lajeng, sabibaripun
bupati sampun rampung maosaken layang kaputusan kasebut, bupati nabuh bedug
Mesjid Ageng Kauman ingkang dipun sekseni kaliyan para tamu undangan. Swanten
meriam ingkang grisinaken ing kawasan kanjengan sairing tabuhan swanten bedug
swasana damel meriah kanthi wontenipun arak-arakan (karnaval) Warak Ngendhog saha rombongan sanesipun.
Dipun wiwiti bupati maosaken layang kaputusan swasana dados
khidmad saha tansah dipun wigatosaken. Sabibaripun maosaken naskah, bupati
nabuh bedug saha meriam ugi dipun sulut ingkang dadosaken masaarakat ghadah
raos bingah. Ing saklebetibun grisenipun swanten meriam saha bedug, dipun
medalaken karya fenomenal saha narik kawigatosan ingkang awujud kewan khayalan
ingkang dipun sebut Warak Ngendhog. Wontenipun Warak Ngendhog ing saklebetipun
kabudayaan kasebut dados simbol saking Ritual Dugderan, kejawi menika Warak
Ngedhog ugi saged narik kawigatosan masarakat sekiwa tengenipun.
Awit saking pangrembakanipun jaman, tradhisi menika boten
malih migunakaken meriam ananging dipun gantos kaliyan bom udara “bum-bung”
saha sakmenika migunaaken sirene damel pratandha sampun kawiwitan tradhisi
Dugderan. Sakmenika, tradhisi kasebut sampun langkung semarak, amargi sakmenika
sampun kathah tiyang ingkang sadean , inggih kadosta dolanan saha jajanan.
Perkawis menika ndadosaken tradhisi Dugderan menika gadhah werni ingkang
enggal.
E. Maknanipun Ritual
Dugderan
1) Babagan Politik
Ing
adicara Dugderan menika, para partai politik saged paring panyuluhan dhumateng
masarakat supados milih partai politik kasebut.
2) Babagan Sosial
·
Dugderan saged dipun dadosaken ciri
khasipun kutha Semarang.
·
Dugderan damel nggabungaken antawisipun budaya kaum setunggal kaliyan sanesipun.
·
Dugderan saged damel nyawijining saperangan klompok masarakat tartamtu.
3) Babagan Spiritual
Dugderan saged
narik kawigatosan masarakat non-Islam kangge
mlebet Islam.
4) Babagan Ekonomi
Dugderan saged
damel sarana masarakat kangge
pados nafkah, kadosta sadean rasukan, panganan, saha sapanunggalanipun.
5) Babagan Agama
Dugderan saged
ningkataken raos bombong saha tresna kaliyan agama Islam.
6) Babagan Pendidikan
Liwat Dugderan para
siswa siswi Indonesia saged nyinaoni makna wigatinipun pagesangan ingkang rukun wonten ing masarakat.
Sinaosa
Dugderan sampun dados sawerni pesta rakyat ugi sampun dados tradhisi ingkang
cekap kiyat kaliyan wontenipun sayembara, karnaval, saha beksan, tetep kemawon Dugderan boten lukar saking puncak
ritualipun ingkang arupi nabuh bedug ugi halaqah ingkang dados pungkasan saking tradisi
ingkang sampun nguwawi seabad langkung menika. Awit
saking menika, puncak ritual sanes namung dados tradhisi (kesenian
rakyat), salah sawijining pesen ingkang cekap
kiyat dipun tindakaken tradhisi (utawi
budaya) Dugderan menika minangka wara-wara dipun wiwiti sasi suci Ramadhan.
Wara-wara
menika dipun lambangaken kaliyan dipun tabuhipun bedug ingkang dados setunggal
“tetenger”. Ugi, panggebagan bedug menika dados konsensus ingkang nyaosaken katetepan dhawahipun lukar 1 sasi
Ramadhan wonten esok dinten, menapa malih umat Islam boten namung wonten
Semarang asring ngagunani bedanipun dhawahipun nindakaken ibadah siyam wonten
ing sasi suci Ramadhan. Kejawi menika, tradhisi Dugderan ugi kagungan
"unsur pamucalan" ngasta putra kersanipun nindakaken ibadah siyam.
Wujud pamucalan menika dipun lambangaken kaliyan wontenipun Warak Ngendhog
ingkang saged dipun artosaken mukawis lambang ingkang sarat kaliyan jarwi.
Amargi artos kasedayan Warak Ngendhog menika minangka satunggaling tiyang
kedaha suci, resik ugi mantepaken taqwanipun dhumateng
Allah SWT lebet margeni siyam. Amargi menika saged dados panggegulangan kangge
putra lebet nepang ibadah siyam.
BAB
III
PANUTUP
- Dudutan
Dugderan minangka
salah setunggaling adicara adat daerah kutha Semarang kangge mengeti wiwitanipun siyam ing sasi Ramadhan.
Ritual Dugderan menika sampun dipun wiwiti kawit jaman kolonial Walanda
saha dipun satakaken ing daerah Simpang Lima Semarang.
Ritual
Dugderan biyasanipun dipun bikak dening wali kutha saha dipun rameaken kanthi unen-unenan bedug saha meriam.
Tembung Dugderan piyambak dipun pendhet
saking swantenipun bedug ingkang dipun tabuh saha swantenipun meriam ingkang
dipun sulut lajeng njeblug.
Ritual
Dugderan ugi dipun rameaken kaliyan beksan-beksan Semarangan saha dipun wontenaken
pasar malem. Minangka salah setunggaling dolanan ingkang mesthi wonten ing
festival Dugderan inggih menika Warak
Ngendhog.
Dugderan
dipun ginakaken minangka sarana hiburan ugi saranan dakwah agama Islam.
- Pamrayogi
Masarakat
menika kedah njagi kabudayan ingkang sampun wonten ing pagesangan kula saha
panjenengan. Amargi sedaya kabudayan kalawau kedah dipun lestantunaken supados
boten ical awit ngrembakanipun jaman.
KAPUSTAKAN
https://id.wikipedia.org/wiki/Dugderan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar