Rabu, 29 Maret 2017

Blangkon, teks ilmiah ingkang dereng sae

Karangan babagan blangkon menika miturut pamanggihipun kula dereng kalebet karangan ilmiah ingkang sae, amargi karangan menika taksih dereng migunakaken tata basa ingkang trep kados karangan ilmiah sanesipun. Karang menika namung mawi wos andharan umum saking blangkon. 
     Blangkon inggih menika salah satunggaling perangan saking busana ingkang diagem kaliyan tiyang kakung. Saben dhaerah, gadhah ciri khas piyambak. Tuladhanipun wonten Yogyakarta saha Surakarta. Sisih wingking blangkon Yogyakarta gadhah mondholan. Menika filosofinipun rikala rumiyin, tiyang kakung Jawa gadhah rikma ingkang dawa. Lajeng dipuntaleni nginggil kadosta patih gajah mada ingkang dipunsebat gelungan. Lajeng wonten ngrembakaning jaman, blangkon Yogyakata dipun damel wonten mondholanipun. Saklajengipun mondholan menika gadhah filosofi ingkang nggambaraken tiyang Jawa menika gadhah sipat remen jagi rahasia, boten ngumbar aib, boten lamis kangge tiyang sanes utawi pribadhinipun. dados bukti kaluhuran budi pêkêrti tiyang Jawa.
      Lajeng blangkon Surakarta, mondholanjpun trepea. Amargine rikala rumiyin. Tiyang solo gadhah rikma ingkang sampun dipuncukur. Filosofi saking mondholan kasebut inggih menika nyawiji saha dadosaken setunggal ancas wonten pamanggihipun ingkang lurus inggih menika 2 kalimat syahadat ingkang kedah wonten ing penggalihipun tiyang Jawa.wonten menika.
      Saben dhaerah gadhah ciri khas piyambak. Lajeng ugi gadhah filosofi ingkang sae kangge mliginipun tiyang Jawa.

Rabu, 22 Maret 2017

Revisi. Nyerat Karya Ilmiah

REVISI 2 : 16 Maret 2017
BLANGKON

Pengertian Blangkon
Blangkon adalah tutup kepala yang terbuat dari batik dan digunakan oleh kaum pria sebagai bagian dari pakaian tradisional Jawa. Setiap daerah mempunyai jenis blangkon yang berbeda. Blangkon Jogja dan Blangkon Surakarta/Solo mempunyai perbedaan pada bagian belakangnya,
Pada blangkon Jogja terdapat ‘mondolan’, sedangkan blangkon Solo bagian belakangnya pipih/rata. Hal ini tentu mempunyai filosofi masing-masing, berikut adalah filosofi dari kedua jenis blangkon.

BLANGKON

Pangêrtosan Blangkon
Blangkon inggih mênika tutup mustaka ingkang kadamêl saking bathik saha dipunginakakên  tiyang kakung minangka pérangan saking busana tradhisional Jawa. Sabên daérah gadhah jinis blangkon ingkang botên sami.  Blangkon Jogja saha blangkon Surakarta/Solo gadhah pambéda wontên wingkingipun.
Blangkon Jogja wontên mondholanipun, mênawi blangkon Solo sisih wingkingipun trèpès. Babagan menika tamtu gadhah filosofi piyambak-piyambak, ing ngandhap mênika filosofi  saking kêkalih jinising blangkon.

     Blangkon Jogja
Blangkon Jogja mempunyai mondolan, mondolan gaya Yogyakarta berbentuk bulat seperti onde-onde. Karena pada waktu itu, awalnya laki-laki Jogja memelihara rambut panjang kemudian diikat keatas (seperti Patih Gajah Mada) kemudian ikatan rambut disebut gelungan kemudian dibungkus dan diikat, lalu berkembang menjadi blangkon.
Kemudian menjadikan salah satu filosofi masyarakat Jawa yang pandai menyimpan rahasia, tidak suka membuka aib orang lain atau diri sendiri karena ia akan serapat mungkin dan dalam bertutur kata dan bertingkah laku penuh dengan kiasan dan bahasa halus, sehingga menjadikan mereka selalu berhati-hati tetapi bukan berarti berbasa-basi, akan tetapi sebagai bukti keluhuran budi pekerti orang Jawa. Dia pandai menyimpan rahasia dan menutupi aib, dia akan berusaha tersenyum dan tertawa walaupun hatinya menangis, yang ada dalam pikirannya hanyalah bagai mana bisa berbuat yang terbaik demi sesama walaupun mengorbankan dirinya sendiri.

     Blangkon Jogja
Blangkon Jogja gadhah mondholan, mondholan kasêbut awujud bundêr kados ondhé-ondhé. Amargi jaman rumiyin, para tiyang kakung ing Ngayogyakarta mênika gadhah rikma ingkang dawa, lajêng dipuntalèni wontên ing nginggil (kados Patih Gajah Mada), lajêng rikma mênika dipunsêbut gêlungan ingkang dipun bungkus saha dipun talèni, ingkang saklajêngipun cara mênika ngrêmbaka saha dipunwastani blangkon.
Wujud menika ugi gadhah filosofi inggih menika tiyang jawa ingkang wasis anggèniun jagi rahasia, botên rêmên ngumbar aib tiyang sanès utawi pribadhinipun amargi mêsthi rapêt sangêt, kêjawi mênika babagan pangucapan saha solah bawanipun kathah kiasan saha basa ingkang alus, lajêng dadosakên piyambakipun kêdah ngatos-atos ananging botên prêlu lamis, ananging dados bukti kaluhuran budi pêkêrti tiyang Jawa. Piyambakipun wasis anggènipun nyimpên rahasia saha nutupi aib, piyambakipun sumèh wondéné manahipun duka, ingkang wontên pamanggihipun namung kados pundi sagêd tumindak bêcik wondéné prêlu pangorbanan saking pribadhinipun.
     Blangkon Solo
Blangkon Solo berbeda dengan blangkon Jogja. Pada blangkon Solo tidak terdapat mandholan, hanya saja blangkon gaya Solo mondholannya trepes atau gepeng . Karena waktu itu lebih dulu mengenal cukur rambut karena pengaruh belanda, dan karena pengaruh belanda tersebut mereka mengenal jas yang bernama beskap yang berasal dari beschaafd yang berarti civilized atau berkebudayaan.
Tidak adanya tonjolan hanya diikatkan jadi satu dengat mengikatkan dua pucuk helai di kanan dan kirinya, yang mengartikan bahwa untuk menyatukan satu tujuan dalam pemikiran yang lurus adalah dua kalimat syahadat yang harus melekat erat dalam pikiran orang Jawa.

     Blangkon Solo
Blangkon Solo béda kaliyan blangkon Jogja. Blangkon Solo botên gadhah mandholan, ananging blangkon Solo, mandholanipun trèpès. Amargi jaman sêmana sampun mangêrtosi cukur rikma saking pêngaruh Walanda, saha amargi pêngaruh Walanda ugi, tiyang Solo mangêrtosi jas ingkang dipunagêm para Walanda inggih mênika bêskap saking têmbung beschaafd ingkang gadhah maksud civilized utawi kabudayan.
Botên wontên tonjolan namung dipuntalèni dados sêtunggal kanthi nalèni 2 pucuk wontên têngên saha kiwanipun, ingkang maksudipun kanggé nyawiji saha dadosakên sêtunggal ancas wontên pamanggihipun ingkang lurus inggih menika 2 kalimat syahadat ingkang kêdah wontên ing pênggalihipun tiyang Jawa.

REVISI 1 : 9 Maret 2017
Basa Indonesia
Basa Jawa
BLANGKON

Pengertian Blangkon
Blangkon adalah tutup kepala yang terbuat dari batik dan digunakan oleh kaum pria sebagai bagian dari pakaian tradisional Jawa. Setiap daerah mempunyai jenis blangkon yang berbeda. Blangkon Jogja dan Blangkon Surakarta/Solo mempunyai perbedaan pada bagian belakangnya,
Pada blangkon Jogja terdapat ‘mondolan’, sedangkan blangkon Solo bagian belakangnya pipih/rata. Hal ini tentu mempunyai filosofi masing-masing, berikut adalah filosofi dari kedua jenis blangkon.

BLANGKON

Pangertosan Blangkon
Blangkon inggih menika tutup mustaka ingkang kadamel saking bathik saha dipunginakaken  tiyang kakung minangka perangan saking busana tradhisional Jawa. Saben daerah gadhah jinis blankon ingkang boten sami.  Blangkon Jogja saha blangkon Surakarta/Solo gadhah pambeda wonten wingkingipun.
Blangkon Jogja wonten mondholanipun, menawi blangkon Solo sisih wingkingipun trepes. Babagan menika tamtu gadhah filosofi piyambak-piyambak, ing ngandhap menika filosofi  saking kekalih jinising blangkon.

     Blangkon Jogja
Blangkon Jogja mempunyai mondolan, mondolan gaya Yogyakarta berbentuk bulat seperti onde-onde. Karena pada waktu itu, awalnya laki-laki Jogja memelihara rambut panjang kemudian diikat keatas (seperti Patih Gajah Mada) kemudian ikatan rambut disebut gelungan kemudian dibungkus dan diikat, lalu berkembang menjadi blangkon.
Kemudian menjadikan salah satu filosofi masyarakat Jawa yang pandai menyimpan rahasia, tidak suka membuka aib orang lain atau diri sendiri karena ia akan serapat mungkin dan dalam bertutur kata dan bertingkah laku penuh dengan kiasan dan bahasa halus, sehingga menjadikan mereka selalu berhati-hati tetapi bukan berarti berbasa-basi, akan tetapi sebagai bukti keluhuran budi pekerti orang Jawa. Dia pandai menyimpan rahasia dan menutupi aib, dia akan berusaha tersenyum dan tertawa walaupun hatinya menangis, yang ada dalam pikirannya hanyalah bagai mana bisa berbuat yang terbaik demi sesama walaupun mengorbankan dirinya sendiri.

     Blangkon Jogja
Blangkon Jogja gadhah mondholan, mondholan kasebut awujud bunder kados ondhe-ondhe. Amargi jaman rumiyin, para tiyang kakung ing Ngayogyakarta menika gadhah rikma ingkang dawa, lajeng dipuntaleni wonten ing nginggil (kados Patih Gajah Mada), lajeng rikma menika dipunsebut gelungan ingkang dipun bungkus saha dipun taleni, lajeng cara menika ngrembaka saha dipunwastani blangkon.
Wujud menika ugi gadhah filosofi inggih menika tiyang jawa ingkang wasis anggeniun jagi rahasia, boten remen ngumbar aib tiyang sanes utawi pribadhinipun amargi mesthi rapet sanget, kejawi menika babagan pangucapan saha solah bawanipun kathah kiasan saha basa ingkang alus, lajeng dadosaken piyambakipun kedah ngatos-atos ananging boten prelu basa-basi, ananging dados bukti kaluhuran budi pekerti tiyang Jawa. Piyambakipun wasis anggenipun nyimpen rahasia saha nutupi aib, piyambakipun sumeh wondene manahipun duka, ingkang wonten pamanggihipun namung kados pundi saged tumindak becik wondene prelu pangorbanan saking pribadhinipun.
     Blangkon Solo
Blangkon Solo berbeda dengan blangkon Jogja. Pada blangkon Solo tidak terdapat mandholan, hanya saja blangkon gaya Solo mondholannya trepes atau gepeng . Karena waktu itu lebih dulu mengenal cukur rambut karena pengaruh belanda, dan karena pengaruh belanda tersebut mereka mengenal jas yang bernama beskap yang berasal dari beschaafd yang berarti civilized atau berkebudayaan.
Tidak adanya tonjolan hanya diikatkan jadi satu dengat mengikatkan dua pucuk helai di kanan dan kirinya, yang mengartikan bahwa untuk menyatukan satu tujuan dalam pemikiran yang lurus adalah dua kalimat syahadat yang harus melekat erat dalam pikiran orang Jawa.

     Blangkon Solo
Blangkon Solo beda kaliyan blangkon Jogja. Blangkon Solo boten gadhah mandholan, ananging blangkon Solo, mandholanipun trepes. Amargi jaman semana sampun mangertosi cukur rikma saking pengaruh Walanda, saha amargi pengaruh Walanda ugi, tiyang Solo mangertosi jas ingkang dipunagem para Walanda inggih menika beskap saking tembung beschaafd ingkang gadhah maksud civilized utawi kabudayan.
Boten wonten tonjolan namung dipun taleni dados setunggal kanthi naleni 2 pucuk wonten tengen saha kiwanipun, ingkang maksudipun kangge nyawiji dadosaken setunggal ancas wonten pamanggihipun ingkang lurus inggih menika 2 kalimat syahadat ingkang kedah wonten ing penggalihipun tiyang Jawa.

TUGAS 1

Kapethik saking :

Rabu, 15 Maret 2017

CIRI-CIRI KARYA ILMIAH, KARYA NON ILMIAH SAHA TULADHANIPUN KARYA ILMIAH

Anggi Chintiya Dewi      (15205241083) 
Gusti Dikka Ardianti       (15205244006)
PBD P 2015
 
CIRI-CIRI KARYA ILMIAH, KARYA NON ILMIAH SAHA TULADHANIPUN

KARYA ILMIAH

A.  KARYA ILMIAH
Tuladha : Makalah

CIRI-CIRI KARYA ILMIAH
TULADHA
Logis
Wonten ing makalah menika ngandharaken babagan pagesangan masyarakat Jawa wonten ing rikala rumiyin kaliyan jaman sakmenika. Anggenipun damel makalah menika dereng saged kawastan sampurna.
Sistematis
Wonten wosing isi.
Obyektif
Miturut observasi ingkang ngginakaken media wawancara.
Boten migunakaken basa ingkang ambigu
Basa ingkang dipunginakaken namung gadhah setunggal makna.
Migunakaken basa ingkang trep kaliyan ejaan, tembung, ukara saha paragraf
Panyeratan ejaan, tembung, ukara, saha paragraf gadhah sipat formal.
Migunakaken istilah keilmuan
Kajawi menika sistem kekerabatan minangka salah sawijining prinsip ingkang ngempalaken tiyang setunggal lan setunggalipun miturut kelompok sosial, peran, kategori, lan silsilah.
Migunakaken basa ingkang rasional
Basa ingkang dipunginakaken saged dipunpahami sedaya ingkang maos.

Lampiran :

MAKALAH PENDIDIKAN SOSIAL BUDAYA

MASALAH SOSIAL ING MASYARAKAT JAWA

"MASYARAKAT JAWA WONTEN ERA MODERNISASI"

Kasusun dening :

Nia Fahmi Amaliani    (15205241083)

Nisya Rizki Sutrisno  (15205244004)

Gusti Dikka Ardianti (15205244006)

Tri Lestari                    (15205244020)

Kelas C / 2015

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

2016/2017

ATUR SAPALA

Puji Syukur konjuk dhumateng ngarsaniun Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang tansah paring kasarasan, kawilujengan, rahmat, saha hidayah ingkang kathah dhumateng kita sedaya, mawi shalawat ugi salam kita aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW , sahingga kita saged dadosaken makalah kanthi irah-irahan .”MASYARAKAT JAWA SAKMENIKA”.

Ancasipun saking penyusunan makalah ingih menika kangge njangkepi salah satunggaling tugas mata kuliah Pendidikan Sosial Budaya.

Wonten ing makalah menika ngandharaken babagan pagesangan masyarakat Jawa wonten ing rikala rumiyin kaliyan jaman sakmenika. Anggenipun damel makalah menika dereng saged kawastan sampurna. Pramila sedaya pamrayogi saha panyaruwuhipun tansah dipuntampi. Ugi kula ngaturaken panuwun dhumateng sedaya ingkang sampun biyantu damel makalah menika. Mugi-mugi makalah menika saged paring mumpangat kangge kita sedaya.
                                                                                                         Yogyakarta, 31 Desember 2016

WOSING ISI

ATUR SAPALA                   ..............................................................................................  1

WOSING ISI                         .............................................................................................. 2

BAB I PURWAKA              

     I.1. Dhasaring Perkawis    ............................................................................................. 3

     I.2. Undheraning Perkawis............................................................................................  3

     I.3. Ancasipun Perkawis    ............................................................................................  4

BAB II PIREMBAGAN

     II.1. Pangertosan Masyarakat Jawa................................................................................ 5

     II.2. Pambeda jaman rumiyin kaliyan sakmenika.......................................................... 5

     II.3. Solusi                         ............................................................................................. 8

BAB III PANUTUP

     III.1. Dudutan                   .............................................................................................. 10

     III.2. Pamrayogi                ............................................................................................. 10

DAFTAR PUSTAKA           ............................................................................................... 11

BAB I

PURWAKA

A.    Dhasaring Panaliten

Masyarakat Jawa menika sanes masyarakat ingkang ngubungaken individu setunggal lan setunggalipun, nanging minangka Masyarakat ingkang guyub rukun lan dados setunggal amargi wontenipun sejarah, tradisi, saha religi. Minangka bab ingkang alit wonten masyarakat inggih menika kekeluargaan. Pagesangan wonten ing masyarakat menika mujudaken gesang sesarengan wonten masyarakat ingkang langkung alit inggih menika masyarakat desa. Wonten atusan desa ingkang mlebet wonten dhaerah jawa kadosta Banyumas, Yogyakarta, Klaten, lsp. Saben dhaerah menika gadhah norma utawi paugeran ingkang beda-beda, dialek basa piyambak, saha tata cara adat tradisional, inggih menika masyarakat ingkang sinebut Masyarakat Dhaerah.

Pagesangan wonten ing masyarakat jawa menika kebak kaliyan norma-norma lan nilai-nilai ingkang lair kanthi saking generasi saderengipun dumugi generasi candhakipun. Nilai-nilai lan norma-norma menika kangge madosi pagesangan ingkang seimbang. Babagan menika dipunbetahaken masyarakat  ingkang pungkasanipun kangge mujudaken adat istiadat. Tiyang jawa menika gadhah prinsip bilih masyarakat menika kedah rukun kaliyan masyarakat setunggal lan setunggalipun.

Kejawi menika sistem kekerabatan minangka salah sawijining prinsip ingkang ngempalaken tiyang setunggal lan setunggalipun miturut kelompok sosial, peran, kategori, lan silsilah. Hubungan kekerabatan menika boten namung winates karana sedherek kandhung kemawon ananging inggih katindakaken kaliyan sedherek ingkang boten gadhah hubungan sedherek kandhung.

B.     Wosing Prekawis

1.      Menapa ingkang dipunwastani Masyarakat Jawa?

2.      Kados pundi bedanipun pagesangan masyarakat jawa jaman rumiyin lan jaman sakmenika?

3.      Kados pundi solusinipun bilih masyarakat jawa menika gadhah problematika wonten ing pagesanganipun?
  
C.     Ancasing Panaliten

1.      Ngandharaken menapa ingkang dipunwastani masyarakat jawa

2.      Ngandharaken kados pundi bedanipun pagesangan masyarakat jawa jaman rumiyin lan jaman sakmenika

3.      Ngandharaken kados pundi solusi Problematika kasebat

BAB II

PIREMBAGAN

Budaya lan peradaban jawa utawi asring dipunsebat kawruh kejawen inggih menika salah satunggaling falsafah pagesangan tiyang jawa. Ajaran menika saking olah pikir, olah rasa pangarsa lajeng spiritualipun tiyang jawa wiwit rumiyin dumugi sakmenika. Saktemene budaya lan peradaban jawa menika wonten ewah-ewahan ingkang dinamis.

Masyarakat jawa inggih menika masyarakat ingkang sampun wonten pagesanganipun saking jaman rumiyin dumugi jaman sakmenika saking generasi sakderengipun dumugi generasi candhakipun, ngginakaken Bahasa Jawa wonten ing pagesanganipun lan kathahipun cumondhok ing Tlatah Jawa. Miterat pamanggihipun Franz Magnis Suseno masyarakat jawa inggih menika masyarakat ingkang Bahasa Ibu nipun ngginakaken Bahasa Jawa sahaminangkamasyarakat asli sisih tengah lan wetan pulau jawa ingkang ngangge basa jawa.Sinebut tiyang jawa menawi mondhok wonten tlatah jawa, asalipun ugi saking pulau jawa, lan Basanipun inggih menika Bahasa Jawa. Dipuntingali saking Sistem Kekerabatan tiyang Jawa menika langkung nggatosaken wonten ing paedahipun anggenipun gesang bebrayan, pitepangan, saha anggenipun tiyang jawa saged ngemut-emut tiyang setunggalipun.

Menika ciri-cirinipun tiyang jawa :

1.      Sipat ingkang Fendalistik (nguwasani) wonten ing babagan menapa kemawon

2.      Sipat keagamaan

3.      Sipat Fatalistic (percaya ing Takdiripun Tuhan)

4.      Gegayutan kaliyan wayang

5.      Boten ningalaken sipat tegas

6.      Tepa Salira

7.      Ngginakaken sipat budi luhur

8.      Kebatinan

Bedanipun masyarakat jawa jaman rumiyin lan masyarakat jawa jaman sakmenika:

Adat saben masyarakat wonten ing tlatah jawa menika ngutamakaken pagesangan ingkang tentrem lan guyub rukun. Masyarakat jawa menika sanes masyarakat ingkang boten gadhah tepa selira, piyambakipun kenthel ing paguyuban menapa kemawon mliginipun wonten ing Desanipun piyambak-piyambak. piyambakipun ugi sanes masyarakat ingkang egois, ingkang boten ngutamakaken liyan. Tiyang jawa menika wonten ing setunggal pagesangan ingkang momot sejarah, tradisi, lan religinipun sami. Gesang ingkang guyub rukun menika dipunwujudakenwonten ing masyarakat ingkang alit piyambak inggih menika Desa.

Lajeng antawisipun setunggal kulawurga kaliyan kulawarga sanesipun kaiket kesepakataningkang boten sinerat utawi kesepakatan ingkang boten kaiket imbalan. Semboyan tiyang jawa menika kadosta sayeg saekapraya rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, semboyan menika ngemot bilih tiyang jawa kedah mbantu tiyang setunggal lan setunggalipun ingkang mbetahaken pitulungan. Amargi tiyang jawa menika sanes tiyang ingkang namung mikirke dhirinipun piyambak.

Menika tuladha kasus sosial masyarakat wonten ing tlatah jawa jaman rumiyin :

1.      Gotong royong

Sipat gotong royong menika sipat ingkang dipuntularaken saking generasi saderengipun ngantos generasi candhakipun. Gotong royong menika adat tradisional wonten masyarakat Desa, ingkang kedah dipunpupuk supados boten ical ing Modernisasi sakmenika. Sambatan, rewang, lan rembug Desa menika inggih kalebet gotong royong. Sambatan inggih menika ngrewangi nalika masyarakat wonten ingkang badhe ndamel griya, tanpa dipunsukani imbalan utawi iklas. Amargi masyarakat jawa menika gadhah raos tepa salira ingkang dipunjunjung sanget. Menawi rewang menika sowan lan ngrewangi warga ingkang badhe ngundhuh mantu utawi ewuh lan hajat ingkang boten dipunsuwun, amargi masyarakat jawa menika anggenipun pasedherekan rumaket sanget. Rembug Desa menika inggih wujud paguyuban masyarakat jawa menawi badhe rembugan babagan ingkang wigati supados saged ngancik musyawarah mupakat. Lajeng masyarakat menika ugi saged berinteraksi sareng-sareng.

2.      Omah gedhe rata ra ana pagere

Masyarakat jawa jaman rumiyin griyanipun ageng-ageng ugi boten dipunsukani pager. Amargi kepercayaan wonten ing masyarakat menika menawi griya ingkang dipunsukani pager gadhah pangertosan bilih tiyang menika boten remen weweh.

3.      Sanak Sadherek

Inggih menika istilah kangge nyebut sistem kekeluargaanwonten ing sakjawinipun sedulur kandhung. Asringipun sistem menika dipunlandhasi saking kedekatan sosial saha pengaruh saking pergaulan sosial ing padintenan. Tuladhanipun peristilahan masyarakat jawa ingkang boten gadhah sedherek kandhung :

·         Mbah                           : sesebutan kangge tiyang ingkang sampun sepuh kakung utawi estri

·         Bapak  utawi Pak        : sesebutan kangge tiyang kakung ingkang langkung sepuh katimbang awak kita piyambak, utawi tiyang ingkang dipunkurmati, tuladhanipun kadosta Guru utawi Dosen menapa tiyang ingkang dereng kita kenal

·         Ibu utawi Bu               : sesebutan kangge tiyang estri ingkang langkung sepuh katimbang awak kita piyambak, utawi tiyang ingkang dipunkurmati, tuladhanipun kadosta Guru utawi Dosen menapa tiyang ingkang dereng kita kenal

·         Lek                              : sesebutan kangge tiyang kakung utawi estri ingkang kapernah langkung enem tinimbang tiyang sepuh kita

·         Budhe                         : sesebutan kangge tiyang estri ingkang kapernah langkung sepuh tinimbang tiyang sepuh kita

·         Pak Dhe                      : sesebutan kangge tiyang kakung ingkang kapernah langkung sepuh tinimbang tiyang sepuh kita

·         Mas utawi Le              : sesebutan kangge tiyang kakung ingkang langkung sepuh tinimbang awak kita piyambak utawi saged kangge ngurmati dhateng tiyang menika

·         Mbak utawi ndhuk      : sesebutan kangge tiyang estri ingkang langkung sepuh tinimbang awak kita piyambak utawi saged kangge ngurmati dhateng tiyang menika

·         Dhik                            : sesebutan kangge tiyang estri menapa kakung ingkang langkung enem tinimbang awak kita piyambak.

4.      Tilikan

Tilikan inggih menika patuwen dhateng tiyang ingkang dipunganjari sakit dhumateng Allah utawi dipunganjari kabingahan kadosta tiyang ingkang bibar babaran. Tilikan menika taksih dipunlampahi dening masyarakat jawa minangka ngrumaketaken pasedherekan.

Menika kasus sosial masyarakat jawa wonten jaman sakmenika :

1.      Budaya Gotong Royong sampun wudhar

Kenging menapa budaya gotong royong wonten ing masyarakat sampun kathah ingkang wudhar? Amargi masyarakat menika sampun pikantuk campuranmodernisasi. Kathah warga ingkang sibuk taksih nyambut damel utawi sampun ical raos tepa saliranipun. Sambatan menika sampun boten dipunginakaken masyarakat, amargi kenging pengaruh modernisasi kalawau. Lajeng sipat individunipun langkung kathah tinimbang sipat kekulawarganipun. Menawi rewang menika taksih dipunginakaken masyarakat jawa kathahipun, kadosta rewang wonten ing adicara 17an, sripah, utawi manten. Bilih rembug Desa menika taksih dipunginakaken masyarakat jawa kathahipun, nanging wonten ugi ingkang mbahas wonten HP kadosta WA, BBM, lan LINE.

2.      Pager dhuwur

Tiyang menika menawi ndamel griya sampun kathah ingkang dipunpageri dhuwur. Kenging menapa? Amargi tiyang menika boten saged interaksi utawi menutup dhiri kaliyan masyarakat.

Solusi kangge kasus sosial ingkang wonten nginggil menika :

Masyarakat kedah nanemaken pribadhi ingkang mliginipun kangge tiyang sanes utawi kegiyatan sosial. Masyarakat kedah mangertos bilih manungsa menika gesang wonten ing Desa ingkang kebak kaliyan tata kramanipun, lajeng tiyang menika ugi mbetahaken tiyang sanes anggenipun gesang. Boten saged gesang piyambak, tanpa tiyang sanes ingkang mbiyantu. Masyarakat ugi saged ngawontenaken arisan mbok bilih kangge ngraketaken paseduluran ing antawisipun gesang wonten Desa.

3.      Sanak Sadherek

Menawi sanak sadherek sanes sadherek kandhung menika taksih dipunagem kaliyan masyarakat jawa kathahipun. Tuladhanipun menawi kita badhe tumbas somay kita nyebut Bapak utawi Ibu ingkang mande somay kasebut kanthi sebutan “Pak” utawi “Buk”. Kejawi menika menawi wonten tiyang kakung utawi estri ingkang langkung enem tinimbang tiyang sepuh kita, kita nyebut kanthi “Lek”, utawi nyebut tiyang kakung ingkang langkung sepuh kanthi sebutan Mas, lsp.

4.      Tilikan

Taksih dipunlampahi masyarakat jawa kathahipun. Amargi kangge ngrumaketaken pasedherekan.

BAB III

PANUTUP

A.    Dudutan

Budaya lan peradaban jawa utawi asring dipunsebat kawruh kejawen inggih menika salah satunggaling falsafah pagesangan tiyang jawa. Ajaran menika saking olah pikir, olah rasa pangarsa lajeng spiritualipun tiyang jawa wiwit rumiyin dumugi sakmenika. Saktemene budaya lan peradaban jawa menika wonten ewah-ewahan ingkang dinamis. Ingkang dipunwastani dinamis inggih menika saged ewah miterat jaman ingkang dipunlampahi.

Lajeng pagesangan sosial masyarakat jawa ngutamakaken guyub rukun, tepa selira, ngutamakaken kelompok sanes golongan. Remen tulung tinulung ingkang boten ngarepaken opah.

B.     Pamrayogi

Peradaban menika gadhah pinten-pinten problematika wonten ing masyarakat. Saklajengipun gumantung kita sedaya saged ngawekani kedadian menika supados budaya peradaban ingkang wiwit rumiyin dumugi sakmenika saged langgeng lan boten luntur katutup budaya ingkang sanes (asing).

Bab menika jalaran winatesing panaliti ing bab problematika masyarakat jawa, saengga taksih wonten kekiranganipun.

B.   KARYA NON ILMIAH

Tuladha : Cerkak

KARYA NON-ILMIAH
TULADHA
Dipunserat miturut fakta pribadhi
Saben dina Senen tekan Jemuah, aku mangkat mulih kampus, munggah medhun gunung, ora amung panas lan udan,  nanging ya toh nyawa, numpak montor  neng dalan gedhe, sliringan trek-trek, bis-bis sing gedhe-gedhe.
Fakta ingkang dipundudut subyektif
Pungkasan sasi Desember 2015 tugas saka kampus tumpuk undhung. Kabeh mata kuliah ana wae tugase. Ana sing kudu gawe makalah, garap soal-soal, gawe karya sastra, lan sapiturute.
Migunakaken majas ingkang konotatif saha kawentar
Amarga wong tuwa lan bojo iku suwarga kanggoku.
Wosipun sanes hipotesis
Ingkang wonten cariyos menika boten saged dipunbuktikaken kelerasipun, amargi basa ingkang dipunginaaken konotatif
Gadhah sipat imajinatif
Rasane yen tekan kampus atiku lega banget amarga slamet neng dalan ora ana alangan.
Situasinipun dipundramatisir
“Gusti kang maha Agung aku nyenyuwun sing tak lakoni iki dadia barokah kang bisa gawe nyangga lan mulyake uripku ing tembe mburine, gawe senenging kabeh wong utamane wong tuwa lan Mas Setyo bojoku”, aku mbatin donga supaya atiku rada tenang.
Gadhah sipat persuasive
Wonten karya non ilmiah, wonten ajakan utawi himbauan supados ingkang maos saged tumut wonten kahanan ingkang dipungambaraken kaliyan panyerat.
Tan pun dukung kaliyan bukti
Boten prelu bukti, amargi karya tulis non ilmiah gayut kaliyan raos saking panyerat piyambak-piyambak.

Lampiran :

Lelakonku

Dening : Putri Kinayung Dyah Parameswari

Pungkasan sasi Desember 2015 tugas saka kampus tumpuk undhung. Kabeh mata kuliah ana wae tugase. Ana sing kudu gawe makalah, garap soal-soal, gawe karya sastra, lan sapiturute. Saliane kuwi, ujian akhir semester  ana sing wis dicicil wiwit pungkasan sasi iki. Nanging, kabeh kuwi kudu tak adhepi nadyan sejatine pikiranku wis campur bawur antarane kuliah, golek ngelmu kanggo golek gawean ing tembe mburine lan mikir kluarga cilik sing wis tak antebi sinambi aku nglanjutke pendidikan ing bangku kuliah iki. Aku ngerti ora angel yen madhep manteb, bisa nata wektu uga pikiran, nanging ya ora gampang lan ora kabeh wong bisa ngelakoni amarga kabeh kuwi kudu ana tanggungjawabe.

Saben dina Senen tekan Jemuah, aku mangkat mulih kampus, munggah medhun gunung, ora amung panas lan udan,  nanging ya toh nyawa, numpak montor  neng dalan gedhe, sliringan trek-trek, bis-bis sing gedhe-gedhe. Rasane yen tekan kampus atiku lega banget amarga slamet neng dalan ora ana alangan. Aku banjur cepet-cepet tumuju kelas supaya ora telat, ora lali aku salaman marang Mas Setyo.

“Ngati-ati, dijogo sing tenanan”, pesene Mas Setyo sing saben dina diucap.

“Iya Mas, Sampean ya ngati-ati ora ngebut-ngebut”, wangsulanku yen Mas Setyo wis arep mungkur bali.

Saliane rasa lega, ana rasa wedi campur kuatir sing ana ing njero atiku. Tansaya tak rasake yen wis mlebu ruang kelas apa meneh yen kuliahe molor-molor. Ora liya amarga kelingan sisihaning atiku sing mobat-mabit golek sing kanggo nyambung urip.

“Gusti kang maha Agung aku nyenyuwun sing tak lakoni iki dadia barokah kang bisa gawe nyangga lan mulyake uripku ing tembe mburine, gawe senenging kabeh wong utamane wong tuwa lan Mas Setyo bojoku”, aku mbatin donga supaya atiku rada tenang.

Pengarep-arepku iseh padha karo nalika aku SMA biyen, yaiku aku isa kuliah nganti rampung banjur entuk gawean sing kepenak, duwe penghasilan dewe supaya ora dadi abot repote wong tuwa uga bakal bojoku, yen aku wis omah omah bisa dadi bojo sing setya tuhu, gemati, mandiri, pinter njaga ati lan kahanan bebrayan. Amarga wong tuwa lan bojo iku suwarga kanggoku. Pengarep-arepku kuwi tak kira padha karo pengarep-arepe para wanita-wanita liyane. Pengarep-arepku kuwi uga gampang neng lambe lan gampang wae yen amung dadi angen-angen.