Karangan babagan blangkon menika miturut pamanggihipun
kula dereng kalebet karangan ilmiah ingkang sae, amargi karangan menika taksih
dereng migunakaken tata basa ingkang trep kados karangan ilmiah sanesipun. Karang
menika namung mawi wos andharan umum saking blangkon.
Blangkon inggih menika salah satunggaling perangan saking
busana ingkang diagem kaliyan tiyang kakung. Saben dhaerah, gadhah ciri khas
piyambak. Tuladhanipun wonten Yogyakarta saha Surakarta. Sisih wingking blangkon
Yogyakarta gadhah mondholan. Menika filosofinipun rikala rumiyin, tiyang kakung
Jawa gadhah rikma ingkang dawa. Lajeng dipuntaleni nginggil kadosta patih gajah
mada ingkang dipunsebat gelungan. Lajeng wonten ngrembakaning jaman, blangkon
Yogyakata dipun damel wonten mondholanipun. Saklajengipun mondholan menika
gadhah filosofi ingkang nggambaraken tiyang Jawa menika gadhah sipat remen jagi
rahasia, boten ngumbar aib, boten lamis kangge tiyang sanes utawi pribadhinipun.
dados bukti kaluhuran budi pêkêrti tiyang Jawa.
Lajeng blangkon Surakarta, mondholanjpun trepea. Amargine rikala
rumiyin. Tiyang solo gadhah rikma ingkang sampun dipuncukur. Filosofi saking
mondholan kasebut inggih menika nyawiji saha dadosaken setunggal ancas wonten
pamanggihipun ingkang lurus inggih menika 2 kalimat syahadat ingkang kedah wonten
ing penggalihipun tiyang Jawa.wonten menika.
Saben dhaerah gadhah ciri khas piyambak. Lajeng
ugi gadhah filosofi ingkang sae kangge mliginipun tiyang Jawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar