Selasa, 30 Mei 2017

Tugas Kelompok Nyerat Karya Ilmiah - Budaya



MAKALAH NYERAT KARYA ILMIAH
"TRADHISI LABUHAN TLAGA SARANGAN"
Dosen Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd




Kasusun dening :
Anggi Chintiya Dewi (15205241083)
Gusti Dikka Ardianti (15205244006)
Kelas P / 2015


PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2016/2017



ATUR PRAWACANA

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung saengga makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan saengga makalah ingkang kasusun sae punika saged purna.
Makalah kanthi irah-irahan  "TRADHISI LABUHAN TLAGA SARANGAN" punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Makalah menika kasusun kangge njangkepi tugas semester V mata kuliah Nyerat Karya Ilmiah.
Mugi-mugi makalah ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten mumpangat dhumateng sinten kemawon ingkang maos. Kejawi menika, panyerat ugi sanget ngajeng-ajeng panyaruwe panjenengan sadaya, para kanca, sutresna lan wicaksana segeda paring sumbang sih lan pamanggih, amrih sampurna ing wekdal salajengipun.
Wasana cekap semanten atur kula kalian. Sepisan malih, mugi-mugi makalah menika saged murakabi lan migunani dhumateng sedaya para pamamaos tuwin dhumateng sedaya ingkang ngginakaken. Matur nuwun.

Yogyakarta, 26 Mei 2017
  
Panyerat 


 
WOSING ISI
ATUR PRAWACANA..................................................................................... 2
WOSING ISI.................................................................................................... 3
BAB I PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten............................................................................... 4
B. Udheraning Perkawis............................................................................ 5
C. Ancas..................................................................................................... 5
BAB II GEGARAN TEORI............................................................................ 6
BAB III PIREMBAGAN
A. Asal-usul Labuhan Tlaga Sarangan....................................................... 8
B. Lampahaning Labuhan Tlaga Sarangan................................................. 9
C. Prosesi Labuhan Tlaga Sarangan......................................................... 11
BAB IV PANUTUP
A. Dudutan.............................................................................................. 13
B. Pamrayogi............................................................................................ 13
KAPUSTAKAN............................................................................................. 1



BAB I
PURWAKA

A.    Dhasaring Panaliten
Ewah gingsiring jaman utawi globalisasi mujudaken pangrembakaning jaman ingkang ndadosaken pagesanganipun manungsa sarwi transparan. Transparan wonten ing ngriki tegesipun nampi menapa kemawon ingkang gayut kaliyan kemajengan seserepaning manungsa menapa dene kemajengan ing babagan teknologi. Ewah gingsiring jaman menika estunipun gadhah piguna ingkang sae tumrap pagesanganipun manungsa, awit menika wau saged paring panjurung supados sami manggalih kanthi praktis saha rasional.sinaosa mekaten ananging wonten ing perangan-perangan tartamtu, pangaribawa ewah gingsiring jaman menika gadhah dampak ingkang kirang sae, kepara saged nggantos eksistensi jati dhirining bangsa.
Awit saking ewah gingsiring jaman menika mangaribawani tumrap ewahipun identitas ingkang minangka titikan saking satunggaling suku bangsa Indonesia. Kabudayan minangka gegambaraning corak tuwin ragam khas ing salebeting perangan pagesanganipun manungsa saged kita mangertosi bilih ragam kabudayan menika kathah sanget, ingkang antawisipun awujud upacara adat, kapitadosan masarakat, adat istiadat, kesenian lan sapanunggalanipun (Koentjaraningrat, 1990: 203-204).
Salah satunggaling wujud kabudayan ingkang taksih lumampah wonten ing masarakat inggih menika upacara tradhisi mliginipun ing tanah Jawi. Upacara tradhisi ingkang dipun adani dening masarakat menika sampun kapanggihaken nalika kapitadosanipun masarakat taksihkapitadosan animisme dinamisme. Wonten ing masarakat jawi asring sinebat kejawen.
Tradhisi Labuhan ingkang dipun lampahi wonten Telaga Sarangan, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan inggih menika nglarung tumpeng saha ubarampe ingkang smpun didungani saking sesepuh ingkang dipun paring kapercayan wonten Desa Sarangan menika.

B.     Udheraning Perkawis
1.      Kados pundi sejarah saking upacara tradhisi Labuhan wonten Telaga Sarangan?
2.      Kados pundi lampahan upacara tradhisi Labuhan wonten Telaga Sarangan?
3.      Kados pundi prosesi saking Labuhan wonten Telaga Sarangan?

C.    Ancas
1.   Saged mangertosi sejarah saking upacara tradhisi Labuhan wonten Telaga Sarangan
2.   Saged mangertosi lampahanipun upacara tradhisi Labuhan wonten Telaga Sarangan
3.   Saged mangertosi prosesi saking Labuhan Telaga Sarangan



BAB II
GEGARAN TEORI

A.    Kabudayan
     Kabudayan inggih menika wujud saking akal saha budi manungsa ingkang wonten ing masarakat. Kabudayan boten saged pejah, amargi kabudayan menika dipun warisaken kanthi turun-tumurun saking tiyang sepuh dhumateng putra wayahipun. Kabudayan menika saking basa Sansekerta buddayah, bentuk jamak saking budhi ingkang ngewrat teges budi utawi akal (Koentjaraningrat, 2009:146).

     Budaya inggih menika pikiran utawi akal budi, adat istiadat ingkang sampun dados pakulinan saha sampun awrat dipun ewahi. Wondene kabudayan tegesipun sedaya pangertosanipun manungsa minangka makhluk sosial ingkang dipun ginakaken kangge mahami lingkungan sakiwa tengenipun sarta tindak tandukipun ing lampah pagesangan. Tuladhanipun inggih menika asiling kagiyatan lan penciptaan batin (akal utawi budi) manungsa kados dene kapitadosan, kesenian saha adat istiadat (KBBI, 2008 : 214-215).

B.     Upacara Tradhisional
            Upacara inggih menika tindakan ingkang dipun adani lantaran prastawa ingkang wigati. Tradhisional tegesipun patrap utawi caranipu menggalih sarta tumindhak kanthi pathokan norma-norma utawi paugeran-paugeran lan pakulinan adat ingkang sampun wonten kanthi cara turun-temurun (KBBI, 2005:1208).

            Upacara tradhisi mujudaken salah satunggaling wujud tilaran kabudayan. Kabudayan inggih menika tilaran sosial ingkang naming dipun gadhahi dening warga masarakat panyengkuyungipun kanthi cara nyinaoni. Ing salebetipun nyinaoni kabudayan masarakat gadhah mekanisme utawi cara-cara tartamtu ingkang wosipun ngemot norma-norma lan nilai-nilai pagesangan ingkang lumampah ing lingkungan masarakat kasebat. Kanthi nindakaken norma sarta njunjung nilai-nilai kasebat wigati sanget tumraping lestantunipun pagesangan masarakat (Purwadi, 2005:1).

            Upacara tradhisi mujudaken wujud kabudayan ingkang arupi tindakan utawi aktifitas turun temurun. Wontenipun ritus wilujengan utawi upacara kados makaten menika mujudaken satunggaling upiya saking manungsa kangge pados kawilujengan katentreman lan ngiras pantes kaliyan njagi lestantunipun kosmos (Rostiyati, 1994:1).

C.    Asal-usul Tradhisi Labuhan Telaga Sarangan
      Labuhan inggih menika salah satunggaling ritual ingkang dipun lampahi wonten Kelurahan Sarangan, Kabupaten Magetan. Ritual menika sampun dipun lampahi saking kirang langkung 508 SM. Jaman rumiyin, nama Labuhan dipun pitados saking masarakat menawi wonten unsure mistik saha musrik. Awit saking menika nama “Larung Sesaji” dipun gantos dados “Labuhan”. Labuhan menika wonten kangge konjuk syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasarasan saha kanikmatan wonten ing dunya menika. Upacara adat menika kalampahan 3 dinten inggih menika Jumat pon dumugi Minggu Kliwon. Tradhisi menika dipun lampahi saking warga Kelurahan Sarangan saha Pemda Kabupaten Magetan.



BAB III
PIREMBAGAN

Tradisi Labuhan wonten Telaga Sarangan
Telaga Sarangan inggih menika objek wisata awujud tlaga ingkang pinggiripun wonten pasar wisata Sarangan. Tlaga Sarangan wonten ing lereng Gunung Lawu, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan, Jawa Timur. Labuhan inggih menika salah satunggaling adat istiadat ingkang wonten ing Magetan.  Labuhan menika nggadah sejarah ingkang ngrembaka dados cariyos rakyat (folklore) wonten kabudayan masyarakan Magetan, mliginipun masarakat Sarangan.

A.    Sejarah Labuhan Telaga Sarangan
Sejarah labuhan boten tebih saking asal-usul kawontenan Telaga Sarangan. Cariyosipun inggih menika. Jaman rumiyin wonten suami istri ingkang namanipun Kyai saha Nyai Pasir ingkang ewah dados naga sakbibaripun dhahar tigan ingkang dipun panggihaken wonten ladhang. Naga kasebut damel cengkungan ageng. Saking cekungan ageng menika, wonten toya ingkang medal kathah sanget, saengga dados tlaga Sarangan. Amargi kekalipun ngraosaken sekti wonten tlatah menika gadhaah niat jahat kangge nglarungaken gunung lawu. Djalilung, putra saking Kyai saha Nyai Pasir paring dedonga kangge sang Panguwaos supaodos niat jahat keekalipun saged dipun tilaraken. Dedonga saking Djalilung menika dipun tampi dening Allah SWT, kekalih naga kasebut ical saking tlaga. Sakderengipun ical, Kyai saha Nyai Pasir paring pesen, nalika kekalihipun badhe rawuh malih wonten sasi Ruwah jumat pon setunggal tahun kapisan. Tlaga Sarangan sampun ngancik 508 Masehi. Purwakanipun kawontenan Labuhan inggih menika pengaruh saking Kraton Surakarta Hadiningrat. Rumiyin putrid Kraton Surakarta Hadiningrat ingkang namanipun Kusumaning Ayu Werdi Ningsih ical wonten Tlaga Sarangan. Sakbibaripun kadadean menika Surakarta Hadiningrat paring perintah kangge warga  Desa Sarangan saben sasi Ruwah kangge nglampahi Larung Sesaji kirim pandonga kangge putri Kraton Surakarta. Lajeng, upacara tradhisi menika minangka raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos amargi sampun paring kanikmatan mliginipun kangge masarakat Magetan, ugi kangge kirim dedonga dhumateng Kyai saha Nyai Pasir ingkang sampun damel papan ingkang sakmenika dados papan kangge pagesangan kekalihipun inggih menika Tlaga Sarangan, saengga masarakat dados pados rejeki kangge pagesangan kulawarganipun. Lajeng, upacara Larung Sesaji menika turun-temurun wiwit saking rumiyin ngantos sakmenika.

B.     Lampahaning Labuhan Tlaga Sarangan
a.    Wekdal Lampahan Labuhan Tlaga Sarangan
Ritual labuhan menika dipun lampahi saben Bulan Sya’ban ing dinten Jumat pon ngantos minggu kliwon. Kangge upacara sakral utawa slametan saking masarakat Sarangan piyambak dipun lampahaken dinten Jumat pon. Lajeng dinten Sabtu Wage ngantos Minggu kliwon dipun lampahi saking Pemda Magetan ingkang dipun pirsani masarakat umum.
b.   Dampak saking Lampahan Labuhan Tlaga Sarangan
·         Bagi warga Sarangan
Masarakat Sarangan ingkang gadhah pakaryan inggih menika ingkang sadean, ingkang nyewakaken speedboot, nyewakaken kridha, saha ingkang nyewakaken papan inap saged pikantuk omset langkung kathah. Amargi upacara menika dipun lampahi kanthi cara ingkang khusus saha unik, saengga saged narik kawigatosan saking pengunjung wisata Tlaga Sarangan.
·         Bagi Pemda
Pemda Kabupaten Magetan piyambak saking upacara menika saged nambah pemasukan dhaerah, amargi kathah pelancong-pelancong ingkang badhe ngraosaken wonten ritual unik menika. Kanthi wontenipun ritual menika, Tlaga Sarangan saged misuwur wonten masarakat sanes.
c.    Ubarampe saking Lampahan Labuhan Tlaga Sarangan
Ubarampe saking upacara menika kaperang dados 2, inggih menika ingkang kapisan kangge masarakat Kelurahan Sarangan ingkang nglampahi salmetan wonten Jumat pon. Lajeng ingkang kaping kalih inggih menika ingkang dipun lampahi dening Pemda Kabupaten Magetan wonten dinten Setu Wage saha Minggu Kliwon.
Ubarampe kangge Jumat Pon :
·      Tumpeng asli
·      Ayam panggang
·      Gedhang setangkap (gedhang raja saha gedhang ambon)
·      Budak ripeh (budak ripeh menika sejenis jadah pethak, kuning)
Jadah ripeh menika wiwit saking kusumaning Dewi Nawang Wulan saha Jaka Tarub
·      Jajan pasar
·      Jenang moncowarno (jenang 5 werni)

Ubarampe kangge Setu Wage saha Minggu Kliwon :
·      Tumpeng Gonobahu ingkang dhuwuripun 2 meter.
Wonten tumpeng kasebut wonten ayam tulak (ayam cemeng ingkang wulunipun wonten setunggal wulu pethak)
·      Uluwatu bumi (woh-wohan, sayur-sayuran, palawija).
  
C.    Prosesi Labuhan Tlaga Sarangan
Prosesi labuhan dipun wiwiti kanthi Kirab Tumpeng Gono Bahu saking Kelurahan Sarangan dumugi panggung wonten pinggiripun Tlaga Sarangan. Dipun wiwiti saking Balai Kelurahan Sarangan tabuh 10 enjing dumugi Tlaga Sarangan, kirang langkung 500 meter. Sedaya dipun bekta kanthi mlampah kajawi menika 4 pasukan ingkag nunggang kridha. Sesaji menika dipikul kirang langkung 4 tiyang, amargi ukuranipun ewrat. Iring-iringan dipun purwakani dening pasukan kridha, lajeng cucuk lampah 1 tiyang, sesepuh adat, Pamangku gati Kelurahan saha garwanipun, dhomas sesulih saking sekolah ingkang wonten Magetan cacahipun 50 tiyang inggih menika kakung saha putrid, prajurit (masarakat ingkan wonten mrika), kejawen 40 tiyang inggih menika kakung, bonang renteng (musik gamelan), saha Bagus Dyah Kabupaten Magetan. Upacara Lelabuhan dipun pusataken wonten punden desa, ingkang papanipun wonten wetanipun tlaga. Wonten ngriki para pejabat Kabupaten, Muspika, para perangkat desa, sesepuh, saha tokoh masarakat saha para warga masarakat kempal kangge ngawontenaaken sesaji.
Sabibaripun sedaya sesaji dipun tampi dening sesepuh desa, lajeng sesepuh desa ngobong menyan sarta maos donga. Salajengipun waosan donga, sesaji menika dipun bekta wonten tlaga kangge dipun larung anangingsekul tumpeng ingkang ukuranipun alit, ayam panggang, cok bakal, saha sekar telon dipun tilar wonten ngandhapipun wit ringin ingkang wonten punden desa. Labuhan menika dipun lampahi sabibaripun Sajen Ageng inggih menika Tumpeng Gono Bahu dipun empalaken dados setunggal punden, lajeng dipun waosaken dedonga dening sesepuh desa Sarangan. Sedaya sesaji dipun angkat wonten perahu ingkang cacahipun 50 tumuju madyaning tlaga. Kanthi kalarungan sesaji kasebut, masarakat gadhah pangajeng-ajeng inggih menika saged dipun tebihaken saking kacilakan, sarta pagesangan masarakat langkung sae.
Adicara menika dipun meriahaken dening mapinten-pinten kesenian, tuladhanipun Reog Ponorogo, Barongsai ,saha Drum Band. Adicara menika migunani tumrap religius saha sosial. Saged gadhah makna religius, amargi gadhah keterkaitan wonten aspek supranatural. Lajeng saged gadhah makna sosial, amargi upacara adat menika dipun rawuhi dening masarakat umum. Ancasipun saking upacara adat Labuhan inggih menika dados raos syukur saha pangatur nuwun dhumateng Allah SWT amargi ssampun ngawontenaken Tlaga Sarangan menika, saengga saged ngawontenaken kemakmuran mligiipun kangge masarakat Magetan.



BAB V
PANUTUP

A.    Dudutan 
Upacara Adat Labuhan wonten ing Tlaga Sarangan, Kecamatan Plaosan, Kabupaten Magetan menika ngandharaken asal usul upacara labuhan, lampahing upacara labuhan, prosesi wonten ing upacara Labuhan saha paedah upacara Labuhan menika. Asal-usul upacara Labuhan menika wiwitipun saking cariyos asal-usul kawontenan Tlaga Sarangan, inggih menika wontenipun Kyai Pasir saha garwanipun ingkang dados naga wonten ing madyaning tlaga, menawi boten dipun paringi sesaji, piyambakipun bakal ngrusak Tlaga Sarangan sakiwa tengenipun. Upacara Adat menika kalampahan wonten sasi Ruwah ing dinten Jumat Pon dumugi Minggu Kliwon. Kagiyatan wonten jumat pon inggih menika slametan saking masarakat Sarangan, lajeng dinten setu saha sabtu dipun lampahi saking Pemda Kabupaten Magetan . Upacara adat menika gadhah dampak kangge masarakat Sarangan piyambak, saha kangge Pemda Kabupaten Magetan. Dampakipun inggih menika saged paring pangrembakaning masarakat Sarangan saha Magetan. Ubarampe saking Upacara adat Labuhan kaperang dados kalih, inggih menika kangge dinten Jumat pon, lajeng kangge dinten setu saha minggu kliwon. Ubarampe ingkang kangge jumat inggih menika : Tumpeng asli, ayam panggang, pisang setangkap, budak ripeh, jajanan pasar, saha jenang moncowarno. Lajeng ingkang kangge dinten setu ngantos miggu inggih menika tumpeng Gonobalu ingkang dhuwuripun 2 meter saha uluwatu bumi (woh-wohan, sayur-sayuran, palawija).

B.     Pamrayogi
·           Wonten ing donya menika, kathah sanget tradisi ingkang taksih kawontenan. Masarakat mliginipun masarakat Jawa kedah nglestantunaken tradhisi menika.

KAPUSTAKAN

Koentjaraningrat. (1967). Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta.
Kapetik saking skripsi Rahayu Setyo Rini, Antropologi FISIP, Universitass Airlangga, Surabaya, kanthi irah-irahan Labuhan Sarangan (Kajian Etnografi Upacara Labuhan Sarangan di Telaga Sarangan)
(dipun akses tanggal 25 Mei 2017, tabuh 20.30)
(dipun akses tanggal 25 Mei 2017, tabuh 21.00)

Tugas Kelompok Nyerat Karya Ilmiah - Sastra

MAKALAH NYERAT KARYA ILMIAH
"GEGURITAN"
Dosen Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd




Kasusun dening :
Anggi Chintiya Dewi (15205241083)
Gusti Dikka Ardianti (15205244006)
Kelas P / 2015


PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2016/2017



 
ATUR PRAWACANA

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung saengga makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan saengga makalah ingkang kasusun sae punika saged purna.
Makalah kanthi irah-irahan  "GEGURITAN" punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Makalah menika kasusun kangge njangkepi tugas semester V mata kuliah Nyerat Karya Ilmiah.
Mugi-mugi makalah ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten mumpangat dhumateng sinten kemawon ingkang maos. Kejawi menika, panyerat ugi sanget ngajeng-ajeng panyaruwe panjenengan sadaya, para kanca, sutresna lan wicaksana segeda paring sumbang sih lan pamanggih, amrih sampurna ing wekdal salajengipun.
Wasana cekap semanten atur kula kalian. Sepisan malih, mugi-mugi makalah menika saged murakabi lan migunani dhumateng sedaya para pamamaos tuwin dhumateng sedaya ingkang ngginakaken. Matur nuwun.

Yogyakarta, 30 Mei 2017
  
Panyerat



WOSING ISI

ATUR PRAWACANA..................................................................................... 2
WOSING ISI.................................................................................................... 3
BAB I PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten............................................................................... 4
B. Udheraning Perkawis............................................................................ 4
C. Ancas..................................................................................................... 4
BAB II PIREMBAGAN
A. Pangertosan Geguritan.......................................................................... 5
B. Jinising Geguritan.................................................................................. 6
C. Caranipun damel Geguritan................................................................... 7
BAB III PANUTUP
A. Dudutan.............................................................................................. 10
B. Pamrayogi............................................................................................ 10
KAPUSTAKAN............................................................................................. 11



BAB I
PURWAKA

A.    Dhasaring Panaliten
Sastra Jawa menika sampun dangu boten dipun wigatosaken dening sastrawan saha ahli basa, ananging sakmenika sastra Jawa wiwit pikantuk kawigatosan saking para tiyang ingkang remen seni saha budaya.
Geguritan, minangka salahsatunggaling sastra Jawa, samenika kathah ingkang ngremeni. Wondene dereng saged misuwur wonten ing ranah nasional, ananging geguritan menika dipun pitadosi sampun damel genrenipun piyambak wonten ing bidang budaya, mliginipun wonten ing sastra tradhisional.
            Geguritan menika wujudipun kados puisi ing basa Indonesia, ananging geguritan menika migunakaken basa Jawa. Umumipun wosing geguritan menika arupi penggalihipun penggurit marang kahanan social masarakat wonten ing sakiwa-tengenipun. Ananging kadhang kala wosipun ugi arupi cariyos, gegayuhan, saha sanes-sanesipun.
            Pangrembakaning geguritan menika sempet mandhek sawetawis, amargi geguritan namung nyakup kalangan pujangga kemawon. Sakmenika geguritan sampun langkung modern saha sampun langkung dipun remeni kaliyan para kawula mudha. Paugeran-paugeran kangge damel geguritan menika ugi langkung gampil saha manut kaliyan pangembrakanipun jaman.

B.     Udheraning Perkawis
1.      Menapa ingkang dipun maksud kaliyan geguritan ?
2.      Menapa kemawon jinis-jinising geguritan ?
3.      Kados pundi caranipun damel geguritan ?

C.    Ancas
1.      Supados mangertos sastra Jawa ingkang arupi geguritan.
2.      Supados mangertos jinis-jinisipungeguritan.
3.      Supados mangertos caranipun damel geguritan.



BAB II
PIREMBAGAN

A.    Pangertosan Geguritan
Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1.      Tulisan ingkang awujud tatahan.
2.      Kidung utawi tembang.
Nggurit tegesipun :
1.      Ngarang tembang utawi kidung, utawi rerepan.
2.      Nglakokaken tembang utawi kidung.
Miturut kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun boten ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal). Wonten malih ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking tembung gerita. Tembung gerita lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair geguritan jawi sakawit dipun panggihaken wonten ing tembang-tembang dolanan.
            Samenika wujud wohing kasusatran puisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan kados wonten ngandap menika :
a.       Syair kalih gatra sapadan aran gita dwigatra.
b.      Syair  tigang gatra sapadan aran gita trigatra.
c.       Syair sekawan gatra sapadan aran gita caturgatra.
d.      Syair gangsal gatra sapadan aran gita panca   gatra.
e.       Syair enem gatra sapadan aran gita sadgatra.
f.       Syair pitu gatra sapadan aran gita saptogatra.
g.      Syair wolu gatra sapadan aran gita hastagatra.
h.      Syair sanga gatra sapadan aran gita nawagatra.
i.        Syair-syair dhapur sonata.
j.        Syair bebas

B.     Jinising Geguritan
Geguritan menika jinisipun wonten kalih, inggih menika :
1.      Geguritan Gagrak Lawas
Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapĂ©rang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika :
a.       Cacahipun gatra boten ajeg, ananging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b.       Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami.
c.       Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih munika ngangge purwakanti guru swara.
d.       Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit” ananging boten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” namung wonten nginggil piyambak.
Tuladha :
Sun gegurit,
Wateke wong kampung jati
Bekti marang yayah wibi
Setya marang sakeh janji

2.      Geguritan Gagrak Anyar
      Geguritan gagrag anyar ngginakaken basa Jawa jaman samenika saha dipunserat ngangge aksara latin, sarta sampun migunakaken kertas/dluwang. Geguritan gagrag anyar boten kaperang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”, sampun boten kawengku guru gatra, guru lagu, saha guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.
      Ananging ewah-ewahanipun saking geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar menika dumados kanthi proses. Pangripta ingkang miwiti nyerat geguritan gagrag anyar inggih menika R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Pramila menawi dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawi geguritan modheren gadha titikan :
a.       Basanipun kalebet basa endah, tegesipun sanes basa padinan.
b.      Tetembunganipun pilihan, tegesipun boten namung waton migunakaken tembung.
c.       Sajak pungkasan mardika/bebas.
d.      Isine mentes.
e.       Wonten kalanipun migunakaken lelewaning basa/gaya bahasa.

C.    Caranipun damel Geguritan
            Kangge pangripta ingkang sampun mahir (kulina) nganggit, nyerat geguritan menika sanes ingkang angel. Menapa ingkang wonten ing angen-angenipun dipun wedharake kanthi tembung-tembung ingkang dipun tata wonten ing larik-larik mesthi sampun dados sae. Ananging kangge para lare utawi siswa-siswi, langkung-langkung siswa ing tataran SMP, damel geguritan menika dados padamelan ingkang angel saha awrat, pramila prelu pitedah cara kangge nggampilken.
            Cara kangge nggampilaken nganggit/nyerat geguritan :
1)     Langkung rumiyin temtoaken undheraning gagasan (tema) ingkang badhe dipun rembag.
2)      Menawi undheraning gagasan sampun dipun temtoaken salajengipun dipun mligiaken (spesifikasi).
3)   Tema ingkang sampun dipun mligiaken kalawau damela cengkoronganipun (kerangka).
4)      Saben cengkorongan kalawau udhalen mawi tembung-tembung lan tatanen ing larik-larik.
5)      Kangge nambahi endahipun, ginakaken purwakanthi, baliswara, pepindhan utawi tembung kawi kanthi cara madosi wonten ing kamus.
Tuladhanipun kados mekaten :
     Para siswa menika badhe damel geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam menika maneka warna, saged banjir, gunung njeblug, lindhu. Pilih salah setunggal, tegesipun sampun dados tema ingkang spesifik. Umpamanipun mekaten :
1.      Menapa kemawon ingkang nyebabaken banjir.
2.      Kados pundi kadadeanipun.
3.      Kados pundi akibatipun.
4.      Menapa hikmah ingkang saged dipun pendhet saking kadadean banjir.
Cengkorongan banjur dipun wedharaken, dipun jlentrehaken sarana tembung-tembung ingkang dipun tata ing larik-larik mekaten.

     Manungsa ora bisa nyegah kekarepane
     Negor wit-witan sasenenge dhewe
     Alas-alas entek wit-witane
     Mung kari suket-suket sing dadi kanca lawase

     Udan sawengi natas
     Nyirep hawa panas
     Banyu terus mili ngebaki kali-kali
     Ora ana sing bisa nyegah
     Tanggul-tanggul padha bedhah
     Banyu wiwit mlebu omah

     Wong-wong sing ora dosa
     Kudu nandhang sengsara lan cilaka
     Kelangan bandha donya
     Kelangan raja brana
     Uga nyawa

     Manungsa padha elinga
     Jagad iki kudu dijaga
     Aja kokrusak, kokentekna
     Marang anak putu ngengehna
     Supaya bisa urip tentrem, mulya




BAB III
PANUTUP

  1. Dudutan
Geguritan iku sawijining dhapur susastra kang awujud iketaning basa kang memper syair. Mula ana sengt ngarani geguritan iku syair jawa. Tembung geguritan dumadi saka tembung Gurita kang minangka owah-owahan saka tembung gerita.

  1. Pamrayogi
1.   Nalika damel makalah basa Jawa supados ningali pandamelan ukara ing basa Jawa ingkang trep.
2.   Migunakaken sumber ingkang cetha.

KAPUSTAAKAN

http://corojowo.blogspot.co.id/2010/12/geguritan.html