MAKALAH
NYERAT KARYA ILMIAH
"GEGURITAN"
Dosen
Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd
Kasusun
dening :
Anggi
Chintiya Dewi (15205241083)
Gusti
Dikka Ardianti (15205244006)
Kelas
P / 2015
PENDIDIKAN
BAHASA DAERAH
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS
NEGERI YOGYAKARTA
2016/2017
ATUR
PRAWACANA
Alhamdulillah, puji syukur
panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung saengga
makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah
nuwun kagem tiyang sepuh kula ingkang tansah paring donga pangestu saha para
dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan saengga makalah ingkang
kasusun sae punika saged purna.
Makalah kanthi irah-irahan "GEGURITAN" punika
minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Makalah menika kasusun
kangge njangkepi tugas semester V mata kuliah Nyerat Karya Ilmiah.
Mugi-mugi makalah ingkang kaserat
dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten mumpangat dhumateng sinten
kemawon ingkang maos. Kejawi
menika, panyerat ugi sanget ngajeng-ajeng panyaruwe panjenengan sadaya, para
kanca, sutresna lan wicaksana segeda paring sumbang sih lan pamanggih, amrih
sampurna ing wekdal salajengipun.
Wasana
cekap semanten atur kula kalian. Sepisan malih, mugi-mugi makalah menika saged
murakabi lan migunani dhumateng sedaya para pamamaos tuwin dhumateng sedaya
ingkang ngginakaken. Matur nuwun.
Yogyakarta, 30 Mei 2017
Panyerat
WOSING
ISI
ATUR
PRAWACANA..................................................................................... 2
WOSING
ISI.................................................................................................... 3
BAB
I PURWAKA
A.
Dhasaring Panaliten............................................................................... 4
B.
Udheraning Perkawis............................................................................ 4
C.
Ancas..................................................................................................... 4
BAB
II PIREMBAGAN
A.
Pangertosan Geguritan.......................................................................... 5
B.
Jinising Geguritan.................................................................................. 6
C.
Caranipun damel Geguritan................................................................... 7
BAB
III PANUTUP
A.
Dudutan.............................................................................................. 10
B.
Pamrayogi............................................................................................ 10
KAPUSTAKAN............................................................................................. 11
BAB I
PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten
Sastra
Jawa menika sampun dangu boten dipun wigatosaken dening sastrawan saha ahli
basa, ananging sakmenika sastra Jawa wiwit pikantuk kawigatosan saking para
tiyang ingkang remen seni saha budaya.
Geguritan,
minangka salahsatunggaling sastra Jawa, samenika kathah ingkang ngremeni.
Wondene dereng saged misuwur wonten ing ranah nasional, ananging geguritan
menika dipun pitadosi sampun damel genrenipun
piyambak wonten ing bidang budaya, mliginipun wonten ing sastra tradhisional.
Geguritan menika wujudipun kados
puisi ing basa Indonesia, ananging geguritan menika migunakaken basa Jawa.
Umumipun wosing geguritan menika arupi penggalihipun penggurit marang kahanan
social masarakat wonten ing sakiwa-tengenipun. Ananging kadhang kala wosipun
ugi arupi cariyos, gegayuhan, saha sanes-sanesipun.
Pangrembakaning
geguritan menika sempet mandhek sawetawis, amargi geguritan namung nyakup
kalangan pujangga kemawon. Sakmenika geguritan sampun langkung modern saha
sampun langkung dipun remeni kaliyan para kawula mudha. Paugeran-paugeran
kangge damel geguritan menika ugi langkung gampil saha manut kaliyan
pangembrakanipun jaman.
B. Udheraning Perkawis
1. Menapa
ingkang dipun maksud kaliyan geguritan ?
2. Menapa
kemawon jinis-jinising geguritan ?
3. Kados
pundi caranipun damel geguritan ?
C. Ancas
1. Supados mangertos sastra Jawa
ingkang arupi geguritan.
2. Supados mangertos jinis-jinisipungeguritan.
3. Supados mangertos caranipun damel geguritan.
BAB
II
PIREMBAGAN
A. Pangertosan
Geguritan
Geguritan
utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun :
1. Tulisan ingkang awujud tatahan.
2. Kidung utawi tembang.
Nggurit tegesipun :
1. Ngarang tembang utawi kidung, utawi
rerepan.
2. Nglakokaken tembang utawi kidung.
Miturut
kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang
pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun
boten ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika
iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal). Wonten malih
ingkang mastani tembung gegurit asalipun saking tembung gerita. Tembung gerita
lingganipun gita, tegesipun tembung utawi syair geguritan jawi sakawit dipun
panggihaken wonten ing tembang-tembang dolanan.
Samenika
wujud wohing kasusatran puisi warni-warni wujud dhapukanipun. Adhedasar
dhapukanipun ukara lan pangrakiting tembung, warni-warni araning geguritan
kados wonten ngandap menika :
a. Syair kalih gatra sapadan aran gita
dwigatra.
b. Syair tigang gatra sapadan aran gita trigatra.
c. Syair sekawan gatra sapadan aran
gita caturgatra.
d. Syair gangsal gatra sapadan aran
gita panca gatra.
e. Syair enem gatra sapadan aran gita
sadgatra.
f. Syair pitu gatra sapadan aran gita
saptogatra.
g. Syair wolu gatra sapadan aran gita
hastagatra.
h. Syair sanga gatra sapadan aran gita
nawagatra.
i.
Syair-syair
dhapur sonata.
j.
Syair
bebas
B. Jinising
Geguritan
Geguritan menika jinisipun wonten
kalih, inggih menika :
1.
Geguritan Gagrak Lawas
Geguritan
menika ngginakaken basa jawa kina lan kapĂ©rang wonten ing pupuh–pupuh tembang,
kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet
golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara.
Paugeranipun
geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika :
a. Cacahipun gatra boten ajeg, ananging
lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.
b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan
satunggalipun tetep sami.
c. Dong-ding utawi guru lagunipun
sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih munika ngangge purwakanti
guru swara.
d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan
ngangge bebuka “sun gegurit” ananging boten ateges saben
pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” namung
wonten nginggil piyambak.
Tuladha :
Sun
gegurit,
Wateke
wong kampung jati
Bekti
marang yayah wibi
Setya
marang sakeh janji
2.
Geguritan Gagrak Anyar
Geguritan gagrag anyar ngginakaken
basa Jawa jaman samenika saha dipunserat ngangge aksara latin, sarta sampun
migunakaken kertas/dluwang. Geguritan gagrag anyar boten kaperang wonten ing
pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”, sampun boten kawengku
guru gatra, guru lagu, saha guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag
anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.
Ananging
ewah-ewahanipun saking geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar menika
dumados kanthi proses. Pangripta ingkang miwiti nyerat geguritan gagrag anyar
inggih menika R.Intoyo kanthi
irah-irahan Dayaning Sastra. Pramila
menawi dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawi geguritan modheren
gadha titikan :
a.
Basanipun kalebet basa endah,
tegesipun sanes basa padinan.
b.
Tetembunganipun pilihan, tegesipun
boten namung waton migunakaken tembung.
c.
Sajak pungkasan mardika/bebas.
d.
Isine mentes.
e.
Wonten kalanipun migunakaken
lelewaning basa/gaya bahasa.
C.
Caranipun damel Geguritan
Kangge pangripta ingkang sampun
mahir (kulina) nganggit, nyerat geguritan menika sanes ingkang angel. Menapa ingkang
wonten ing angen-angenipun dipun wedharake kanthi tembung-tembung ingkang dipun
tata wonten ing larik-larik mesthi sampun dados sae. Ananging kangge para lare
utawi siswa-siswi, langkung-langkung siswa ing tataran SMP, damel geguritan
menika dados padamelan ingkang angel saha awrat, pramila prelu pitedah cara
kangge nggampilken.
Cara
kangge nggampilaken nganggit/nyerat geguritan :
1) Langkung rumiyin temtoaken undheraning
gagasan (tema) ingkang badhe dipun rembag.
2) Menawi undheraning gagasan sampun dipun
temtoaken salajengipun dipun mligiaken (spesifikasi).
3) Tema ingkang sampun dipun mligiaken kalawau
damela cengkoronganipun (kerangka).
4) Saben cengkorongan kalawau udhalen
mawi tembung-tembung lan tatanen ing larik-larik.
5) Kangge nambahi endahipun, ginakaken
purwakanthi, baliswara, pepindhan utawi tembung kawi kanthi cara madosi wonten
ing kamus.
Tuladhanipun
kados mekaten :
Para siswa
menika badhe damel geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam menika
maneka warna, saged banjir, gunung njeblug, lindhu. Pilih salah setunggal,
tegesipun sampun dados tema ingkang spesifik. Umpamanipun mekaten :
1. Menapa kemawon ingkang nyebabaken
banjir.
2. Kados pundi kadadeanipun.
3. Kados pundi akibatipun.
4. Menapa hikmah ingkang saged dipun
pendhet saking kadadean banjir.
Cengkorongan banjur dipun wedharaken, dipun jlentrehaken sarana
tembung-tembung ingkang dipun tata ing larik-larik mekaten.
Manungsa ora
bisa nyegah kekarepane
Negor wit-witan
sasenenge dhewe
Alas-alas entek
wit-witane
Mung kari suket-suket
sing dadi kanca lawase
Udan sawengi
natas
Nyirep hawa
panas
Banyu terus mili
ngebaki kali-kali
Ora ana sing
bisa nyegah
Tanggul-tanggul
padha bedhah
Banyu wiwit
mlebu omah
Wong-wong sing
ora dosa
Kudu nandhang
sengsara lan cilaka
Kelangan bandha
donya
Kelangan raja
brana
Uga nyawa
Manungsa padha
elinga
Jagad iki kudu
dijaga
Aja kokrusak,
kokentekna
Marang anak putu
ngengehna
Supaya bisa urip
tentrem, mulya
BAB III
PANUTUP
- Dudutan
Geguritan iku sawijining dhapur
susastra kang awujud iketaning basa kang memper syair. Mula ana sengt ngarani
geguritan iku syair jawa. Tembung geguritan dumadi saka tembung Gurita kang
minangka owah-owahan saka tembung gerita.
- Pamrayogi
1. Nalika damel makalah basa Jawa supados
ningali pandamelan ukara ing basa Jawa ingkang trep.
2. Migunakaken sumber ingkang cetha.
KAPUSTAAKAN
http://corojowo.blogspot.co.id/2010/12/geguritan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar