MAKALAH
NYERAT KARYA ILMIAH
"UNDHA USUKING BASA JAWA"
Dosen
Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd
Kasusun
dening :
Anggi
Chintiya Dewi (15205241083)
Gusti
Dikka Ardianti (15205244006)
Kelas
P / 2015
PENDIDIKAN
BAHASA DAERAH
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS
NEGERI YOGYAKARTA
2016/2017
ATUR
PRAWACANA
Alhamdulillah, puji syukur
panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung saengga
makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah
nuwun kagem tiyang sepuh kula ingkang tansah paring donga pangestu saha para
dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan saengga makalah ingkang
kasusun sae punika saged purna.
Makalah kanthi irah-irahan "UNDHA USUKING BASA JAWA" punika minangka salah satunggaling sarana gladhen
nyerat. Makalah menika kasusun kangge njangkepi tugas semester V mata kuliah Nyerat
Karya Ilmiah.
Mugi-mugi makalah ingkang kaserat
dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten mumpangat dhumateng sinten
kemawon ingkang maos. Kejawi
menika, panyerat ugi sanget ngajeng-ajeng panyaruwe panjenengan sadaya, para
kanca, sutresna lan wicaksana segeda paring sumbang sih lan pamanggih, amrih
sampurna ing wekdal salajengipun.
Wasana cekap semanten atur kula kalian. Sepisan malih,
mugi-mugi makalah menika saged murakabi lan migunani dhumateng sedaya para pamamaos
tuwin dhumateng sedaya ingkang ngginakaken. Matur nuwun.
Yogyakarta, 26 Mei 2017
Panyerat
WOSING ISI
ATUR
PRAWACANA..................................................................................... 2
WOSING
ISI.................................................................................................... 3
BAB
I PURWAKA
A.
Dhasaring Panaliten............................................................................... 4
B.
Udheraning Perkawis............................................................................ 4
C.
Ancas..................................................................................................... 5
BAB
II PIREMBAGAN
A.
Pangertosan Unggah-ungguh Basa Jawa.............................................. 6
B.
Basa Ngoko........................................................................................... 6
C.
Basa Madya........................................................................................... 8
D.
Basa Krama......................................................................................... 11
E.
Basa Kedhaton.................................................................................... 12
F.
Basa Kasar........................................................................................... 12
BAB
III PANUTUP
A.
Dudutan.............................................................................................. 13
B.
Pamrayogi............................................................................................ 13
KAPUSTAKAN............................................................................................. 14
BAB I
PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten
Basa Jawa menika kagolong basa
Austronesia, inggih menika basa-basa ingkang dipun angge
sawarna-warnanipun bangsa pribumi wonten ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa
Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten ngantos pucuk
wetan Banyuwangi
dening kirang langkung 80 yuta panutur ibu. Kejawi menika, basa ugi kasebar ing
Indonesia saking Sumatra
dugi Papua,
Timor Wetan,
Malaysia,
Singapura,
Taiwan,
Hongkong,
Walanda,
Suriname,
Curaçao,
saha ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa menika bageyan saking sub-cabang
Sundik saking rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon
saking pang basa Melayu-Polinesia ingkang kalebet
perangan basa Austronesia. Basa Jawa taksih sedherek
celak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, saha ugi basa-basa wonten
ing pulo Sumatra sarta Kalimantan.
Basa Jawa dipun ginakaken wonten ing
Jawa Tengah, Jawa Wetan saha ugi pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura,
Bali, Lombok saha Sundha wonten ing Jawa Kulon, basa Jawa ugi dipun trapaken
dados basa sastra. Basa Jawa ugi basa dalem ing Kraton Palembang, Sumatra Kidul
saderengipun Kraton menika dipun bedhah tiyang Walanda ing wusananing abad
kaping-18.
B. Udheraning Perkawis
1. Menapa
ingkang dipun maksud kaliyan unggah-ungguh basa jawa ?
2. Menapa
kemawon pameranganipun basa ngoko ?
3. Menapa
kemawon pameranganipun basa madya ?
4. Menapa
kemawon pameranganipun basa krama ?
5. Menapa
ingkang pun maksud kaliyan basa kedhaton ?
6. Menapa
ingkang pun maksud kaliyan basa kasar ?
C. Ancas
1. Supados mangertos unggah-ungguh basa
ingkang trep.
2. Supados mangertos pameranganipun
basa ngoko.
3. Supados mangertos pameranganipun
basa madya.
4. Supados mangertos pameranganipun
basa krama.
5. Supados mangertos menapa ingkang pun
wastani basa kedhaton.
6. Supados mangertos menapa ingkang pun
wastani basa kasar.
BAB
II
PIREMBAGAN
A. Pangertosan
Unggah-Ungguh Basa Jawa
Unggah-ungguh
Basa Jawa inggih
menika adat sopan santun, tatakrama, tatasusila migunakaken Basa Jawa.
Undha-usukipun Basa Jawa miturut unggah-ungguhipun menika saged kaperang dados
5, inggih menika :
1) Basa ngoko, ingkang kaperang dados 2, inggih
menika ngoko lugu saha ngoko andhap (taksih kaperang malih dados 2, inggih
menika antya basa saha basa antya).
2) Basa madya, ingkang kaperang dados 3, inggih
menika madya ngoko, madyantara saha madya krama.
3) Basa krama, ingkang kaperang dados 5, inggih
menika kramantara, mudha krama, wredha krama, krama inggil, saha krama desa.
4) Basa
Kedhaton.
5) Basa
Kasar.
Nanging miturut ewah-ewahan jaman,
sakmenika ragam basa Jawa namung kapantha dados kalih inggih menika basa ngoko saha
basa krama. Basa ngoko kapantha malih dados kalih, inggih menika ngoko lugu saha
ngoko alus. Dene basa krama ugi kapantha dados kalih, inggih menika krama lugu saha
krama alus. Bedanipun ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, saha krama alus kados
ingkang kaandharake wonten ing ngandhap punika.
B. Basa
Ngoko
Basa Jawa
Ngoko inggih menika perangan Basa Jawa kangge gineman marang tiyang
sapadha-padha. Basa Ngoko taksih kaperang dados 2, inggih menika :
1)
Ngoko
Lugu
Minangka tataran basa ingkang paling
asor wonten ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembungipun ngoko, boten wonten
tembung krama utawi krama inggil tumrap tiyang ingkang dipun ajak gineman.
Ginanipun kangge gineman ing antawisipun
:
·
Tiyang
sepuh dhumateng lare.
·
Tiyang
ingkang sadrajat utawi ingkang sampun raket pasrawunganipun.
·
Tiyang
ingkang gadhah pangkat inggil dhumateng pegawenipun.
·
Lare
alit dhumateng kancanipun.
·
Ngunandika
(gineman piyambak).
2)
Ngoko
Andhap
Basa ngoko ingkang alus sarta langkung
ngajeni marang tiyang ingkang dipun ajak gineman. Wujudipun arupi basa ngoko
kacampur tembung krama inggil tumrap tiyang ingkang dipun ajak gineman. Menawi dipun
raosaken pancen kirang ngajeni, asring dipun campur kaliyan tembung krama sawet.
menawi dipun raos kirang ngajeni inggih ugi asring dipun campur tembung krama
sawetara. Panganggenipun basa ngoko andhap menika kangge gineman ing
antawisipun :
·
Sedherek
ingkang langkung sepuh dhumateng sedherek ingkang langkung enem ingkang lankung
inggil drajadipun.
·
Garwanipun
priyayi dhumateng ingkang kakung.
·
Priyayi dhumateng priyayi menawi sampun raket.
Basa ngoko
andhap saged kaperang dados :
a. Antya Basa (wujudipun tembung ngoko saha krama
inggil). Titikanipun :
·
Aku, tetep boten ewah.
· Kowe, kangge tiyang ingkang dipun ajeni dipun ewahi dados
panjenengan, ki raka, kangmas.
· Ater-ater dak-, ko-, di- saha
panambang -ku, -mu, -e, -ake boten ewah.
Tuladha :
a) Mas, aku nyuwun ngampil kagungane
buku sewengi wae.
b) Ora, kangmas ki suwe ora ngetingal-ngetingal
iku tindak ngendi?
c) Wah, adhimas ki rada ngece. Genah
wis pirsa bae kok mundhut pirsa.
b. Basa Antya (wujudipun tembung ngoko, krama
inggil saha krama). Titikanipun :
·
Aku, tetep boten ewah.
· Kowe, kangge tiyang ingkang dipun ajeni
dipun ewahi dados panjenengan, ki raka,kangmas.
· Ater-ater dak-, ko-, di-
tetep boten ewah.
Tuladha :
a) Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa
marang panjenengan, kejaba mung bisa ndherek muji rahayu,
muga-muga panjenengan saged remen, saha saged ngangsu kawruh sing
migunani tumrap nusa saha bangsa.
b) Dak arani sliramu dhek mau bengi saestu
mriksani ringgit ana ing daleme Pak Lurah. Gek lampahe bae
apa ya dhimas, teka gamesahae sedalu natas ngungkung bae, ora ana
pedhot-pedhote.
C. Basa
Madya
Basa Madya
menika basa wonten ing antawisipun basa ngoko saha krama. Wujudipun basa Madya
inggih menika tembung Madya kaworan ngoko utawi krama. Basa Madya Ngoko
biyasanipun taksih dipun damel dening tiyang wonten ing desa saha pegunungan.
Manut wujudipum, basa Madya dipun perang dados 3, inggih menika :
1.
Madya
Ngoko
Basa Madya Ngoko, kanthi wujudipun
tembung :
·
Madya
(ater-ater saha panambang ngoko)
·
Ngoko
·
Dika,
mang, samang
Titikanipun
basa Madya Ngoko antawisipun :
·
Aku, dados kula
·
Kowé, dipun ewahi dados dika
·
Ater-ater
tak- dipun ewahi dados kula
·
Ater-ater
ko- dipun ewahi dados dika
·
Ater-ater
di- boten ewah
Panganggenipun basa Madya Ngoko
menika limrahipun :
·
Bakul
padha bakul
·
Priyayi
marang sor-sorane
Tuladha :
a) Dika niku klebu beja, olehe panen
pari mboten enten sing gabug, samang napake ta?
b) Pundi woh-wohane sing becik-becik
niku?
c) Niku napa kirang becik?
2.
Madyantara
Basa Madyantara menika wujudipun tembung :
Basa Madyantara menika wujudipun tembung :
·
Madya
(ater-ater saha panambang ngoko)
·
Ngoko
·
Kang
slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (peprenahan)
Titikanipun basa Madyantara :
·
Aku, diowahi dadi kula
·
Kowe, diowahi dadi sampeyan, samang
·
Ater-ater
tak-, dipun ewahi dados kula
·
Ater-ater
ko-, dipun ewahi dados samang, mang
·
Panambang
-ku, dipun ewahi dados kula
·
Panambang
-mu, dipun ewahi dados sampeyan,
samang
·
Panambang
-e tetep boten ewah
Ingkang ngangge basa Madyantara
antawisipun :
·
Tiyang
padesan marang tiyang sanes ingkang dipun anggep langkung sepuh utawi kangge
kinurmatan.
·
Sami-sami
priyayi ingkang sampun kulina.
·
Garwanipun
priyayi marang ingkang kakung (menawi dereng kulina).
·
Priyayi
marang sanak sepuh ingkang langkung asor.
Tuladha :
a) Sampeyan niku pripun ta mas,
seprika-sepriki kok boten enten sudane.
b) A migunakake Basa Madya Ngoko, B
migunakake Basa Madya Krama.
A: “E, Yu nggéndhong lurik, ndika
mandheg sedhela”.
B:
“Napa, ajeng tumbas?”
A:
“Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?”
B:
“Engga ta mang milih. Dagangan kula sae-sae”.
3.
Madya
Krama
Basa Madya Krama menika wujudipun
tembung :
·
Madya
(ater-ater saha panambang ngoko).
·
Krama
saha krama inggil.
·
Sampeyan,
pangkat, sesebutan/peprenahan.
Titikanipun :
·
Aku, dipun ewahi dados kula.
·
Kowe, dipun ewahi dados sampeyan utawi
samang.
·
Ater-ater
tak-, dipun ewahi dados kula.
·
Ater-ater
ko-, dipun ewahi dados samang, mang.
·
Ater-ater
di-, tetep ora owah.
Ingkang mingunakaken basa Madya
Krama :
·
Sami-sami
priyayi ingkang sampun kulina.
·
Garwanipun
priyayi marang ingkang kakung (menawi dereng ngoko)
Tuladha :
a) Mas, tinimbang sampeyan ngresula
ngoten niku, mbok luwung ngenggar-enggar penggalih saha nyenyuwun teng Pangeran
pinaringan gesang mulya, tentrem boten enten sambikala.
b) A Ibune, B Kula.
A: “Wetonku tumbuk umur 33 taun,
slametané apa wis kok pikir?”
B: “Rak siyos benjing tanggal
7, wusaha Rabingulakir ngajeng niki ta?”
A: “Iya”.
B: “Saniki tanggal ping 27, taksih
kirang 10 dalu”.
A: “Rak ya wis cedhak”.
- Basa Krama
1.
Krama Inggil
Bahasa
krama inggil menika langkung ngurmati tiyang sanes, ugi dipun sebut basa krama.
Tuladhanipun
:
a) Bapak tindak dhateng Jakarta dinten
Minggu.
b) Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
c) Pak Badrun mundhut sepatu.
d) Eyang kakung nembe siram.
e) Buku kula dipun asta Bu Guru.
Menawi
dipun tingali, ukara wonten ing nginggil dipun ucapaken kanthi alus sanget,
amargi menika wujud ngajeni utawi ngurmati antawisipun bapak, Pak Bagyo, Pak
Badrun, eyang kakung saha bu guru.
2.
Krama Lugu
Ukara basa Jawa ragam krama lugu menika ukara
ingkang wonten ing lebetipun kasusun saking tembung-tembung basa Jawa Krama,
ukara menika biyasanipun dipun ginakaken kangge mbasakaken dhiri kita piyambak.
E. Basa
Kedhaton
Basa
Kedhaton inggih menika basa ingkang pangginakanipun namung wonten ing kedhaton.
Dipun angge tumrap pra sentana saha abdining ratu wekdal seba ing ngarsanipun
ratu.
Tuladhanipun
:
a) Punapi
sira darbe kawasisan ingkang linuwih ?
b) Jengandika
punapi sampun mengertos pawartos puniki ?
Ewonipun
basa kedhaton sanesipun :
·
nedha = mangan
·
puniku = iku
·
wonten = ana
·
punapi = apa
·
dhawak = dhewe
·
jengandika = kowe
·
siyos = sida
·
darbe = duwe
·
puniki = niki
F. Basa
Kasar
Dipun ginakaken dening masarakat ing
padintenan, menawi miturut basa menika migunakaken tembung-tembung ingkang
kagolong kasar utawi boten sopan. Biyasanipun dipun ginakaken dening tiyang
ingkang boten tau sinau undha usuking basa.
BAB III
PANUTUP
- Dudutan
1. Unggah-ungguh Basa Jawa inggih menika adat sopan santun,
tatakrama, tatasusila migunakaken Basa Jawa.
2. Undha-usukipun
Basa Jawa miturut unggah-ungguhipun menika saged kaperang dados 5, inggih
menika basa ngoko, madya, krama, kedhaton saha kasar.
- Pamrayogi
1. Nalika damel makalah basa Jawa supados
ningali pandamelan ukara ing basa Jawa ingkang trep.
2. Migunakaken sumber ingkang cetha.
KAPUSTAKAN
- Suharti. 2001. Pembiasaan Berbahasa Jawa Krama dalam Keluarga Sebagai Sarana Pendidikan Sopan Santun. Makalah Konggres. Yogyakarta: Konggres Bahasa Jawa III.
- http//:www.jv.wikipedia.org
- http://bayuriyantoxiia2.blogspot.co.id/2012/11/unggah-ungguh-basa-jawa-unggah-ungguh.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar